settings icon
share icon
Pitaken

Punapa Wigatosipun Baptisan Kristen Punika?

Wangsulan


Baptisan Kristen, miturut Kitab Suci, inggih punika paseksi sacara lair bab punapa ingkang sampun dumados ing salebeting batos tumrap gesangipun tiyang pitados. Baptisan Kristen nggambaraken pitepangan tiyang pitados kaliyan sedanipun, pamakaman, sarta wungunipun Sang Kristus. Kitab Suci mratelakaken, “Apa kowe padha ora sumurup, yen kita kang wus kabaptis ana ing Sang Kristus iku ateges wus padha kabaptis ana ing sedane? Dadi kita wus padha ndherek kakubur kalawan panjenengane, sarana baptis ing pati mau, supaya padha kaya dene Sang Kristus wus kawungokake saka ing antarane wong mati dening kamulyaning Sang Rama, mangkono uga kita bakal urip ana ing sajroning urip kang anyar.” (Rum 6:3-4 Babagan Anyar). Ing baptisan Kristen, tumindak kasilemaken dhateng toya nggambaraken kakubur kaliyan Sang Kristus. Tumindak ngentasaken saking toya nggambaraken wungunipun Sang Kristus.

Wonten baptisan Kristen, mesthi wonten kalih sarat saderengipun tiyang kabaptis: (1) tiyang ingkang badhe kabaptis kedah pitados ing Yesus Kristus minangka Juruwilujengipun, lan (2) tiyang punika kedah mangertos punapa tegesipun baptisan. Menawi tiyang sumurup bab Gusti Yesus minangka Juruwilujeng, mangertos bilih baptisan Kristen punika satunggaling langkah ingkang mratelakaken kapitadosanipun dhumateng Sang Kristus ing sangajenging tiyang kathah, lan pepenginan kabaptis. Satemah boten wonten alasan kangge ngalang-alangi tiyang pitados saking anggenipun kabaptis. Miturut Kitab Suci, baptisan Kristen punika langkah ingkang saestu manut miturut, mratelakaken ing sangajenging tiyang kathah saking kapitadosaning tiyang ing Sang Kristus piyambak tumrap kawilujenganipun. Baptisan Kristen punika wigatos, awit punika satunggaling langkah pangabekti. Mratelakaken ing ngajenging tiyang kathah bab kapitadosan ing Sang Kristus lan prajanji dhumateng Panjenenganipun, sarta pitepangan kaliyan sedanipun, pakamanipun, sarta wungunipun Sang Kristus.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Wigatosipun Baptisan Kristen Punika?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries