settings icon
share icon
Pitaken

Punapa Kakristenan Punika lan Punapa Kapitadosan Kristen punika?

Wangsulan


1 Korinta 15:1-4 nyariosaken, “Para sadulur, ing saikine aku arep ngelingake bab Injil kang wus dakwartakake marang kowe, kang iya wus padha koktampani, lan uga kokantepi. Iya Injil iku kang dadi margane kowe padha kapitulungan rahayu, anggere kowe padha mantep anggonmu ngugemi, kaya kang wus dakwartakake marang kowe -- kajaba ta yen anggonmu padha manjing pracaya iku mung nglaha bae. Sabab kang wigati dhewe wus dakluntakake marang kowe, iya kaya kang wus daktampani dhewe, yaiku yen Sang Kristus wus nglampahi seda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasaning Kitab Suci, manawa Panjenengane wus kasarekake, sarta ing telung dinane wus kawungokake, cundhuk karo surasaning Kitab Suci”.

Cekakipun, punika kapitadosan ing Kakristenan. Kakristenan punika gadhah ciri piyambak ing antawisipun sedaya kapitadosan sanes, awit Kakristenan punika langkung saking sesambetan, langkung (sae) katimbang kasunyataning agama. Minangka gantosing kasetyan tumrap daftaring “nindakaken punapa ingkang dipuntitahaken lan nebihi laranganipun,” tujuaning tiyang Kristen inggih punika ngupados nggadhahi sesambetan ingkang raket kaliyan Sang Rama. Sesambetan punika kadamel saged awit pakaryaning Gusti Yesus Kristus, sarta paladosan ing salebeting gesangipun tiyang Kristen saking Roh Suci.

Tiyang Kristen pitados bilih manungsa katitahaken sacara khusus nggadhahi sesambetan kaliyan Gusti, nanging dosa punika misahaken sedaya tiyang saking Gusti (Rum 5:12, Rum 3:23). Kakristenan mucal bilih Gusti Yesus Kristus sampun rawuh ing jagad punika, Gusti ingkang sajatos, lan ugi manungsa sajatos (Filipi 2:6-11), sarta seda wonten ing kajeng salib. Tiyang Kristen pitados bilih saksampunipun Pajenenganipun seda ing kajeng salib, Panjenenganipun kasarekaken, wungu malih saking pati, uga sapunika pinarak ing tengenipun Sang Rama, dados lantaran tumrap tiyang pitados ing salaminipun (Ibrani 7:25). Kakristenan mratelakaken bilih sedanipun Gusti Yesus wonten ing kajeng salib sampun cekap kangge ngluwari utanging sedaya manungsa sarta punika kangge mbangun malih sesambetan antawisipun Gusti lan manungsa ingkang sampun risak (Ibrani 9:11-14, Ibrani 10:10, Rum 6:23, Rum 5:8).

Supados wilujeng, saben tiyang kedah masrahaken sedaya kapitadosanipun wonten ing pakaryanipun Sang Kristus ing kajeng salib. Menawi satunggaling tiyang pitados bilih Kristus seda amarga kawontenanipun uga kangge ngluwari dosanipun tiyang kala wau, sarta wungu malih, mila tiyang kala wau kawilujengaken. Boten wonten samukawis ingkang saged nggayuh kawilujengan. Boten wonten tiyang ingkang “cekap sae” kangge ngremenaken Gusti, awit sedaya saking kita punika sampun nglampahi dosa (Yesaya 64:6-7, Yesaya 53:6).

Ingkang kaping kalih, boten wonten samukawis ingkang saged katindakaken malih, awit Sang Kristus sampun ngrampungaken sedaya pakaryan! Nalika Panjenenganipun wonten ing salib, Gusti Yesus ngandika, “Wus rampung” (Yokanan 19:30).

Awit boten wonten satunggal samukawis kemawon ingkang saged katindakaken kangge nggayuh kawilujengan, sepisan malih tiyang kedah masrahaken kapitadosanipun ing pakaryanipun Sang Kristus ing kajeng salib, ugi boten wonten samukawis ingkang saged katindakaken kangge ngicalaken kawilujenganipun.

Kita kedah ngengeti bilih pakaryan sampun katindakaken lan kalunasi dening Sang Kristus! Boten wonten samukawis bab kawilujengan ingkang katanggelaken ing atasipun tiyang ingkang nampeni!

Yokanan 10:27-29 nyuraosaken “Wedhus-wedhusKu padha nilingake swaraKu, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusKu, lan wedhus-wedhusKu padha ngetut-buri Aku, apadene padha Dakwenehi urip langgeng, lan dheweke mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tanganKu. RamaKu kang maringake wedhus-wedhus iki marang tanganKu, iku kaluhurane ngungkuli samubarang kabeh, lan ora ana kang bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka ing astane RamaKu.”

Sawetawis tiyang mbok menawi gadhah pamanggih, “Iki becik yen aku wis dislametake, aku bisa tumindak apa sing dak senengi, lan ora kelangan kaslametanku!”

Boten makaten. Kawilujengan punika sanes kamardikan kangge tumindak saksenengipun. Kawilujengan ndadosaken kamardikan saking tumindak dosa ingkang rumiyin, sarta ndadosaken kamardikan kangge nggayuh sesambetan ingkang sae kaliyan Gusti.

Salaminipun tiyang pitados gesang wonten jagad punika ing salebeting badanipun ingkang kebak dosa, badhe wonten perjuangan ingkang terus-menerus kangge dosa. Gesang ing salebeting dosa punika ngalang-alangi sesambetan ingkang Gusti padosi kaliyan manungsa, sarta salaminipun tiyang gesang ing salebeting dosa minangka tiyang pitados, piyambakipun boten badhe ngraosaken sesambetan ingkang dipun kersakaken Gusti kaliyan manungsa.

Mila tiyang Kristen punika saged nggadhahi kamenangan saking perjuangan lumawan dosa awit saking nyinaoni lan migunakaken Pangandikaning Gusti (Kitab Suci) ing salebeting gesangipun, sarta dipun tuntun dening Roh Suci miturut ing Pangandikanipun Gusti.

Mila sanadyan agami sanes mucal babagan ingkang kedah dipuntindakaken utawi dipuntebihi, Kakristenan inggih punika bab nggadhahi sesambetan kaliyan Gusti.

Kakristenan punika bab kapitadosan bilih Sang Kristus sampun seda ing kajeng salib kangge ngluwari dosa panjenengan piyambak, lan wungu malih. Utang dosa panjenengan kabayar lan panjenengan saged nggadhahi sesambetan kaliyan Gusti Allah.

Panjenengan saged gadhah kamenangan ing atasipun dosa katurunan lan lumampah ing salebeting sesambetan sarta manut miturut ing Gusti. Punika Kakristenan ingkang leres miturut Kitab Suci.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Kakristenan Punika lan Punapa Kapitadosan Kristen punika?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries