settings icon
share icon
Pitaken

Punapa “Pandonganing Tiyang Dosa” Punika?

Wangsulan


Tembung “pandonganing tiyang dosa” inggih punika pandonganing setunggal tiyang ingkang ndedonga dhumateng Gusti nalika tiyang wau mangertos bilih piyambakipun punika tiyang dosa lan mbetahaken Juru Wilujeng. Ngucapaken “pandonganing tiyang dosa” boten badhe ngrampungaken prakawis ingkang sampun kalampahan. Pandonganing tiyang dosa namung saged ngasilaken manawi saestu ngunjukaken punapa ingkang dipun sumerepi, mangertosi, lan dipun pitados bab karisakanipun lan mbetahaken kawilujengan.

Wawasan kaping pisan saking “pandonganing tiyang dosa” inggih punika pangertosan bilih kita sedaya tiyang dosa. Serat Rum 3:10 nyuraosaken, “iya kaya kang wus katulisan, wiraose: Ora ana wong kang bener, siji bae ora ana.” Kitab Suci sampun medharaken kanthi cetha bilih kita sedaya punika tiyang dosa. Kita sedaya tiyang dosa ingkang perlu sih-rahmat uga pangapunten saking Gusti Allah (Titus 3:5-7). Karana dosa kita, kita pantes nampi paukuman langgeng (Mateus 25:46). Pandonganing tiyang dosa punika nyuwun piwelas kangge gantosing pangadilan. Panyuwun sih-rahmat kangge gantosing duka.

Wawasan kaping alih saking “pandonganing tiyang dosa” punika seserepan tumrap punapa ingkang sampun katindakaken Gusti Allah satemah mulyakaken kita saking kawontenan ingkang kebak ing dosa lan nyasar. Gusti Allah manjelma kadagingan lan dados manungsa wonten ing Pribadi Yesus Kristus (Yokanan 1:1, 14). Yesus mucal kita bab kayektosaning Gusti Allah lan gesang wonten ing margining kayektosan sacara sampurna sarta gesang tanpa dosa (Yokanan 8:46; 2 Korinta 5:21). Yesus lajeng seda wonten ing kajeng salib nggantosaken kita, nanggel paukuman ingkang pantesipun kita tanggel (Rum 5:8). Wungunipun Gusti Yesus saking seda mbuktekaken kamenanganipun saking dosa, pejah, sarta neraka (Kolose 2:15; 1 Korinta 15). Karana sedaya punika wau, kita saged nampeni pangapuntening dosa sarta kaparingan prajanji gesang langgeng wonten ing Swarga -- menawi kita sami purun masrahaken kapitadosan kita dhumateng Gusti Yesus Kristus. Kita sedaya kedah pitados bilih sedanipun sarta wungunipun Gusti Yesus punika kangge nggantosi kita sedaya (Rum 10:9-10). Kita saged kawilujengaken lumantar sih-rahmat piyambak, lumantar kapitadosan piyambak, wonten ing Yesus Kristus piyambak. Efesus 2:8 nyuraosaken, “Sebab anggonmu padha kapitulungan rahayu iki saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah.”

Ngucapaken pandonganing tiyang dosa punika cara ingkang prasaja matur dhumateng Gusti Allah bilih panjenengan sumende wonten ing Yesus Kristus ingkang dados Juru Wilujeng panjenengan. Boten wonten tembung ingkang “gaib” ingkang dados dasaring kawilujengan. Namung kapitadosan dhumateng sedanipun Gusti Yesus sarta wungunipun ingkang saged milujengaken kita.

Menawi panjenengan mangertos bilih panjenengan punika tiyang dosa lan perlu kawilujengaken lantaran Gusti Yesus Kristus, punika conto pandonganing tiyang dosa ingkang saged panjenengan aturaken dhumateng Gusti Allah: “Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”

Punapa panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” wonten ing ngandhap punika.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa “Pandonganing Tiyang Dosa” Punika?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries