settings icon
share icon
Pitaken

Kados Pundi Kawula Saestu Mangertos Bilih Kula Badhe Lumebet Wonten ing Kratoning Swarga Nalika Kula Pejah?

Wangsulan


Punapa panjenengan saestu mangertos bilih panjenengan kagungan gesang langgeng lan bilih panjenengan badhe lumebet ing Swarga manawi panjenengan pejah? Gusti Allah kepengin panjenengan ngendel! Kitab Suci nyuraosaken: “Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng” (1 Yokanan 5:13). Saumpama panjenengan ngadeg sacelakipun Gusti Allah sapunika lan Panjenenganipun ndangu panjenengan, “Ana apa dene Aku marengake kowe lumebu ing Kratoning Swarga?” Panjenengan badhe matur punapa? Menawi panjenengan boten mangertos badhe atur wangsulan punapa, punapa ingkang panjenengan perlu mangertos inggih punika bilih Gusti Allah ngasihi kita lan sampun nyawisaken margi ingkang saged kita mangertosi kanthi saestu ing pundi kita badhe nglampahi kalanggengan. Kitab Suci nelakaken margi punika: “Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng” (Yokanan 3:16).

Ingkang kapisan kita kedah mangertos bab ingkang nahan kita lumebet wonten ing Kratoning Swarga. Sababipun inggih punika sipating dosa kita ingkang ngalang-alangi sesambetan kita kaliyan Gusti Allah. Kita punika tiyang dosa karana sipat lan karana pilihan. “Marga kabeh wong wus padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah” (Rum 3:23). Kita boten saged milujengaken diri kita piyambak. “Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iki saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah, iku dudu wohing panggawemu: aja ana wong kang gumunggung” (Efesus 2:8-9). Kita pantes pejah lan kacemplungaken ing neraka. “Awit pituwase dosa iku pati” (Rum 6:23).

Gusti Allah punika suci, namung Panjenenganipun uga kedah ngukum dosa. Ananging Panjenenganipun ngasihi kita sedaya uga paring pangapunten tumrap dosa kita. Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wing siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku” (Yokanan 14:6). Gusti Yesus seda ing kajeng salib karana kita: “Sabab Gusti Yesus Kristus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanake marang ing ngarsane Allah: Panjenengane kasedanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangake mungguh ing Roh” (1 Petrus 3:18). Gusti Yesus sampun kawungokaken saking sedanipun: “Yaiku Gusti Yesus kang wus kaulungake awit saka panerak kita, sarta kawungokake awit saka anggon kita padha kabenerake” (Rum 4:25).

Mila, wangsul malih dhateng pitaken wiwitan, “kados pundi kawula saestu mangertos bilih kula badhe lumebet wonten ing kratoning swarga nalika kula pejah?” Wangsulanipun kados makaten, “pitados ing Gusti Yesus Kristus lan panjenengan badhe wilujeng” (Lelakune Para Rasul 16:31). “Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane” (Yokanan 1:12). Panjenengan saged nampi gesang langgeng kadosdene sih-rahmat. “balik sih-peparinge Gusti Allah iku gesang langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita” (Rum 6:23). Panjenengan saged nglampahi gesang ingkang migunani. Gusti Yesus ngandika: “Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwea urip kanthi kaluberan” (Yokanan 10:10). Panjenengan saged nglampahi kalanggengan wonten ing Swarga kaliyan Gusti Yesus, karana Panjenenganipun sampun janji: “Dene manawa Aku wus mrana lan wus nyawisake papan kanggo kowe, tumuli Aku bakal bali lan ngajak kowe menyang ing papan padunungan-Ku, supaya ing ngendi padunungan-Ku, kowe iya padha ana ing kono uga” (Yokanan 14:3).

Menawi panjenengan kersa nampi Yesus Kristus dados Juruwilujeng panjenengan, uga nampeni pangapuntening Gusti, punika wonten satunggaling conto pandonga.

Panjenengan kedah ngengeti bilih pandonga punika utawi pandonga sanesipun mboten bade damel wilujenging panjenengan. Namung kapitadosan wonten ing Kristus ingkang saged milujengaken panjenengan saking dosa.

Pandonga punika inggih namung satunggaling cara kangge mratelakaken kapitadosan panjenengan dhumateng Gusti lan pamatur nuwun tumprap kawilujengan peparingipun Gusti.

“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”

“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes kaukum. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman yang kedahipun kawula tanggel satemah lumantar kapitadosan wonten ing Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula wangsul malih saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula dhumateng Paduka tumrap kawilujengan kawula. Maturnuwun duh Gusti dene Paduka sampun paring sih-rahmat lan pangapunten inggih paring gesang langgeng! Amin!”

Punapa panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” wonten ing ngandhap punika.
English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Kados Pundi Kawula Saestu Mangertos Bilih Kula Badhe Lumebet Wonten ing Kratoning Swarga Nalika Kula Pejah?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries