Punapa pangandikanipun Kitab Suci bab dedana saprasadasa?




Pitaken: Punapa pangandikanipun Kitab Suci bab dedana saprasadasa?

Wangsulan:
Dedana punika satunggaling bab ingkang dipun geluti tiyang Kristen. Ing kathah gereja dedana saprasadasa punika sakalangkung dipun tegesaken. Ing wekdal ingkang sami, kathah tiyang Kristen ingkang nolak sumarah dhumateng panggulawenthahing Kitab Suci ing piwucal bab pisungsung dhumateng Gusti Allah. Dedana/pisungsung punika dipun pikajeng-aken dados sesukan, berkah. Emanipun, punika bab ingkang awis-awis sanget pinanggih ing gereja ing wekdal samangke.

Dedana saprasadasa punika pangertosan ing Prajanjian Lawas. Dedana punika kewajibaning angger-angger ing pundi sadaya tiyang Israel nyukakaken 10% saking punapa kemawon ingkang sami dipun angsalaken lan dipun tanem dhateng Tabernakel / Bait Suci (Kaimaman 27:30; Wilangan 18:26; Pangandharing Toret 14:24; 2 Babad 31:5). Sawetawis pangertosan pisungsung ing Prajanjian Lawas kados dene pajek kangge nyawisi kaperluan upacara kurban tumrap para pandhita lan Imam. Ing Prajanjian Anyar boten wonten dhawuh, utawi malah piwucal bilih tiyang Kristen pasrah dhumateng cara pisungsung ingkang cocok kaliyan angger-angger. Paulus ngandika bilih tiyang pitados kedah nyisihaken saperangan pangasilanipun supados nyengkuyung kaperluaning gereja (1 Korinta 16:1-2).

Ing Prajanjian Anyar boten wonten katamtuan ingkang tetep bab peranganing pangasilan ingkang kasisihaken, nanging namung kacariosaken “cocok karo pametune” (1 Korinta 16:2). Gereja Kristen dasaripun mendhet angka pisungsung 10% saking Prajanjian Lawas sarta matrapaken punika minangka satunggaling “anjuran sakedhik-sakedhikipun” pisungsung-ipun tiyang Kristen. Nanging, tiyang Kristen boten kedah rumaos kawajibaken tansah ngaturaken pisungsung. Tiyang Kristen sedahipun ngaturaken pisungsung sasagedipun, “cocok kaliyan pamedalipun.” Kadang-kadang punika ateges pisungsung langkung kathah saking saprasadasa. Sadaya gumantung kasagedanipun tiyang punika sarta kabetahaning gereja. Piyambak-piyambak lan saben tiyang Kristen kedahipun sregep ndedonga lan nyuwun kawicaksanan-pun Gusti Allah bab punapa kemawon kangge nyengkuyung bab pisungsung saprasadasa lan/utawi kangge sapinten kathahipun tiyang Kristen jaler utawi estri kedahipun ngaturi pisungsung (Yakobus 1:5). “Saben wong pawewehe dikaya kang dadi rilaning atine, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawewehe kanthi suka-rila” (2 Korinta 9:7).



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa pangandikanipun Kitab Suci bab dedana saprasadasa?