settings icon
share icon
Pitaken

Punapa Pangandikanipun Kitab Suci Babagan Dinosaurus? Punapa Dinosaurus Punika Wonten ing Kitab Suci?

Wangsulan


Pokok wicantenan babagan Dinosaurus ing Kitab Suci punika perangan saking bebantahan ingkang langkung ageng ingkang nembe lumampah ing salebeting masyarakat Kristen ing sadangunipun umuring jagad. Wicantenan punika babagan tapsiran ingkang trep kaliyan purwaning dumadi, lan kados pundi napsiraken pitedah sacara badaniah ingkang kita panggihi ing sacelak kita. Sadaya tiyang ingkang pitados ing jaman purwakaning dumadi condhong mathuk bilih Kitab Suci boten mratelakaken babagan Dinosaurus. Awit miturut tapsiran tiyang punika, Dinosaurus pejah langkung saking mayuta-yuta tahun saderengipun manungsa kawitan wonten ing bumi. Tiyang ingkang nyerat Kitab Suci boten saged ningali bilih Dinosaurus punika gesang.

Sadaya tiyang ingkang pitados ing sasampunipun jaman purwakaning dumadi condhong mathuk bilih Kitab Suci mratelakaken Dinosaurus sanadyan punika boten migunakaken tembung “Dinosaurus”. Minangka gantosipun, migunakaken tembung Ibrani tanniyn. Tanniyn dipun tapsiraken kanthi sawetawis cara ingkang benten ing Kitab Suci basa Inggris; kala-kala arupa “kewan aneh ing segara”, utawa raseksa, Naga. Tanniyn dipunsebat dados sawetawis warni kewan reptil raseksa. Tembung punika kasebataken nyelaki kaping tigang dasa ing Prajanjian Lawas lan pinanggih kekalihipun ing dharatan lan ing salebeting toya.

Kajawi nyebutaken kewan raseksa punika, Kitab Suci mratelakaken sakperanganipun kewan, satemah sawetawis sarjana pitados bilih panyerat punika mbok menawi badhe mratelakaken babagan Dinosaurus. Behemoth kacariosaken ingkang paling kiat saking sadaya ingkang dipuntitahaken dening Gusti, raseksa ingkang buntutipun dipunbandhingaken kaliyan uwit Cedar (Ayub 40:15). Sawetawis sarjana ingkang sampun nyobi niti priksa babagan Behemoth nganggep bilih kewan punika salah satunggalipun kados dene Gajah utawi Badhak lepen. Sanesipun nyebutaken bilih Gajah lan Badhak lepen gadhah buntut ingkang alit, boten sebandhing kaliyan uwit Cedar. Dinosaurus kados Brachiosaurus lan Diplodocus ingkang sanesipun gadhah buntut ingkang ageng sanget ingkang saged kabandhingaken kaliyan uwit Cedar.

Meh saben kabudayan kina gadhah sawetawis warni seni nggambar kewan reptil raseksa. Petroglyphs, artifak (barang ingkang kadamel awit kapinteraning manungsa) lan malah reca alit saking lempung ingkang dipunpanggihaken ing Amerika Ler memper kaliyan gambaraning Dinosaurus. Ukiran ‘selo’ ing Amerika Kidul nggambaraken pria ingkang numpak kewan kados Diplodokus sarta, anehipun, Beruang asring dipungambaraken kados Triseratop, Pterodaktil, lan Ti-Rex. Lempengan selo/mosaik Roma, grabah Maya lan tembok kitha Babilonia sadaya mbuktekaken daya tarik kabudayan ingkang boten wonten tadhinganipun saking kewan punika. Cathetan sawontenipun saking Marco Polo Il Millione punika kacampur kaliyan dongeng-dongeng ingkang boten pinanggih ing nalar bab pendeman barang saking kewan-kewan. Lapuran paniti-priksa ing jaman samangke tetep katindakaken sanadyan tiyang-tiyang biasanipun dipun segahi kaliyan raos mangu-mangu ingkang sakalangkung ageng.

Kajawi cacahing anthropic ingkang kathah sanget sarta bukti-bukti sejarah tumrap gesang sesarengan antawisipun Dinosaurus lan manungsa, wonten bukti alamiah sanesipun, kados dene fosil tapak suku manungsa lan Dinosaurus ingkang kapanggihaken sesarengan ing panggenan-panggenan ing Amerika Ler lan ing Asia perangan Timur-Tengah.

Dados, punapa Dinosaurus punika wonten ing Kitab Suci? Prakawisipun babarpisan boten katetepaken. Punika gumantung dhateng kados pundi panjenengan napsiraken bukti-bukti ingkang sumadiya lan kados pundi panjenengan mirsani jagad ing sacelak panjenengan. Ing mriki, ing GotQuestion.org kita pitados dhumateng tapsiraning sarta nampi bilih Dinosaurus lan manungsa gesang sesarengan. Kita pitados bilih Dinosaurus musna sawetawis wekdal sasampunipun banjir patopan awit saking bab ingkang gegandhengan kaliyan ewah-ewahaning bumi lan kanyatan bilih Dinosaurus sami dipun buru tanpa raos welas supados musna dening manungsa.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Pangandikanipun Kitab Suci Babagan Dinosaurus? Punapa Dinosaurus Punika Wonten ing Kitab Suci?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries