Punapa wonten gesang sasampunipun pejah?




Pitaken: Punapa wonten gesang sasampunipun pejah?

Wangsulan:
Punapa wonten gesang sasampunipun pejah? Kitab Suci nyuraosai kita, “Manungsa ingkang lair saking tiyang estri, cekak umuripun, tuwuk ing kasisahan, mekar kados dene sekar lajeng alum, icalipun kados wewayangan, boten saged lestantun. Manungsa manawi sampun pejah, punapa saged gesang malih” (Ayub 14:1-2, 14)?

Kados denen Ayub, meh sadaya kita sampun katantang dening pitaken punika. Leresipun kadadosan punapa ingkang kita alami sasampunipun kita pejah? Punapa kita saged ngendelaken gesang kita kanthi gampil? Punapa gesang punika kados dene kori ingkang saged mubeng dhateng lan wangsul malih dhateng jagad supados saged gayuh karahayon? Punapa sadaya tiyang kesah tumuju panggenan ingkang sami, punapa tumuju ing panggenan ingkang benten? Punapa saestu wonten swarga lan naraka, punapa namung wonten ing pikiran?

Kitab Suci dhumateng kita bilih boten namung wonten gesang sasampunipun pejah, nanging gesang langgeng ingkang mulya bilih “Nanging kaya kang katulisan wiraose: ”Kang ora tau kadeleng ing mripat, lan ora tau karungu ing kuping, sarta kang ora tau tuwuh ing atining manungsa: kabeh wus kacawisake dening Gusti Allah marang kang padha nresnani Panjenengane iku” (1 Korinta 2:9). Yesus Kristus, Allah ing salebeting daging, rawuh ing jagad maringi kita ganjaran gesang langgeng punika. “Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengane karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane, sarga marga saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras” (Yesaya 53:5).

Yesus nanggel paukuman ingkang pantes kangge kita lan ngurbanaken gesangipun. Tigang dinten sasampunipun, Panjenenganipun nelakaken kamenanganipun saking pejah sarana miyos saking pasareanipun, ing salebeting Roh lan kadagingan. Panjenenganipun netep ing jagad sekawandasa dinten lan kaseksen dening ewon tiyang saderengipun miyos dhateng dalemipun ingkang langgeng wonten ing swarga. Rum 4:25 nyariosaken, “Yaiku Gusti Yesus kang wus kaulungake awit saka panerak kita, sarta kawungokake awit saka anggon kita padha kabenerake” (Rum 4:25).

Wungunipun Sang Kristus punika kadadosan ingkang kacathet kanthi sae. Rasul Paulus nantang para tiyang sarana pitaken bab para seksi tumrap kaleresanipun, lan boten wonten satunggal kemawon ingkang saged nelakaken kapitadosanipun. Wungunipun Gusti Yesus punika landesan kapitadosanipun tiyang Kristen; sabab Kristus sampun wungu saking seda, kita saged gadhah kapitadosan bilih kita, ugi, badhe katangekaken.

Paulus ngengetaken sawetawis tiyang Kristen wiwitan ingkang boten pitados bab punika: “Anadene kang dakwartakake, manawa Sang Kristus kawungokake saka ing antarane wong mati, yagene ing antaramu kok ana kang ngarani manawa ora ana tangine wong mati? Yen ora ana tangine wong mati, dadi Sang Kristus iya ora kawungokake” (1 Korinta 15:12-13).

Namung Kristus wiwitaning asiling panen ingkang agung ing antawisipun tiyang ingkang badhe katangekaken supados gesang malih. Pejah sacara badaniah dhateng langkung satunggal tiyang, Adam, saking sinten kita sadaya kasambetan. Nanging ingkang murugaken sadaya sampun kapundhut dados kulawarganing Gusti Allah lumantar kapitadosan ing Yesus Kristus badhe kaparingan gesang enggal (1 Korinta 15:20-22). Namung karana Gusti sampun ngawungokaken saliranipun Yesus, badan kita ugi badhe katangekaken manawi Yesus wangsul malih (1 Korinta 6:14).

Sanajan wekasanipun kita sadaya badhe katangekaken, nanging boten saben tiyang saged sesarengan lumebet ing swarga. Pilihan tetap kedah katetapaken dening pribadi kita piyambak ing salebeting gesang punika kangge nemtokaken ing pundi mangke kita badhe nampi kalanggengan. Kitab Suci nyuraosaken bilih sampun katetapaken tumrap kita badhe pejah namung kaping sapisan, lan sasampunipun punika badhe wonten pangadilan (Ibrani 9:27). Sok sintena ingkang sampun nindakaken kaluhuraning budi badhe lumebet ing kalanggenganing gesang ing swarga, nanging tiyang ingkang boten pitados badhe kakintun ing kalanggenganing paukuman, utawi neraka (Matius 25:46).

Neraka, kadosdene swarga, boten namung wonten ing pratelan kemawon, nanging Kasunyatan, lan saestu nyata, panggenan. Panggenan ing pundi kasangsaran badhe kaalami tanpa kendhat, dukaning Gusti Allah kang langgeng. Para tiyang wau badhe nahan pangraos, mental, lan panyiksaning badan, ngraosaken kasangsaran saking raos isin, getun, lan jijik.

Neraka katerangaken kadosdene luweng ingkang tanpa dasar (Lukas 8:31, Wahyu 9:1), lan segantening latu, mbakar mawi welirang, ing pundi warganing jagad badhe nglampahi dinten panyiksan sarta dalu salami-laminipun (Wahyu 20:10). Ing salebeting neraka, ing mrika badhe wontenipun panangis lan keroting untu, dados pratanda kasedihan ingkang sanget lan kanepson (Matius 13:42). Punika satunggaling panggenan “ing pundi cacing boten nate pejah lan latu boten nate sirna” (Markus 9: 48). Gusti Allah boten mundhut wekdal kangge seneng-seneng salebeting teleng palimengan punika, nanging ngersakaken para tiyang supados wangsul malih saking margining kajahatan satemah saged gesang (Yeheskiel 33:11). Nanging Panjenenganipun boten badhe meksa kita supados miturut; manawi kita milih nolak Panjenenganipun, Panjenenganipun kagungan pilihan sakedhik ingkang kaparingaken kita punapa ingkang kita kepingini – gesang dados bagianing Panjenenganipun.

Gesang ing jagad punika satunggaling ujian – cecawisan kangge wekdal ing ngajeng. Tumrap tiyang pitados, punika gesang langgeng wonten ing sacelakipun Gusti Allah. Lajeng kadospundi kita nindakaken kasaenan lan saged nampeni gesang langgeng punika? Namung wonten satunggal margi – lumantar kapitadosan sarta kayakinan wonten ing Putraning Allah, Yesus Kristus. Gusti Yesus tumuli ngandika, “Iya Aku ini patangen lan kauripan, sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati. Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawase. Kowe apa pracaya marang iku?” (Yokhanan 11:25-26).

Peparing gesang langgeng punika kasadiyakaken kangge sadaya tiyang, nanging punika mbetahaken panyelakan diri kita tumrap pakaremaning kadonyan lan ngurbanaken diri katur Gusti Allah. “Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah” (Yokhanan 3:36). Kita boten badhe kaparingan wekdal kangge mratobat saking dosa kita sasampunipun pejah karana yen kita pepanggihan aben ajeng kaliyan Gusti Allah, kita boten badhe gadhah pilihan kajawi namung pitados dhumateng Panjenenganipun. Panjenenganipun ngersakaken kita sowan wonten ing ngarsanipun kaliyan pitados lan ngasihi sapunika. Manawi kita nampeni sedanipun Yesus Kristus dados pangruwating dosa lumawan lan mbalela dhumateng Gusti Allah, kita mesthi kajamin boten namung gesang migunani ing jagad, nanging ugi gesang salaminipun rumaket ing Sang Kristus.

Manawi panjenengan kepengin nampeni Yesus Kristus dados Juruwilujeng panjenengan, punika wonten satunggaling conto pandonga. Enget, ngucapaken pandonga punika utawi pandonga sanes boten badhe milujengaken panjenengan. Namung pitados dhumateng Kristus ingkang saged milujengaken panjenengan saking dosa. Pandonga punika cara ingkang prasaja kangge nelakaken dhumateng Gusti Allah menggah kapitadosan ing Panjenenganipun lan pamaturnuwun dhumateng Panjenenganipun tumrap kawilujengan panjenengan. “Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun dosa lumawan dhumateng Paduka lan kawula pantes kaukum. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang pantes kawula tanggel satemah lumantar kapitadosan ing Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula wangsul malih saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula dhumateng Panjenenganipun kangge kawilujengan. Maturnuwun menggahing karahayon lan pangapunten Paduka – peparing ing gesang langgeng! Amin!”

Punapo panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” ing ngandap.



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa wonten gesang sasampunipun pejah?