settings icon
share icon
Pitaken

Punapa Katentreman ingkang Langgeng Punika Nyondhongi ing Kitab Suci?

Wangsulan


Menawi tiyang ngupadosi Kristus minangka Pamartanipun, tiyang punika anggadhahi sesambetan kaliyan Gusti ingkang ngreksa katentremanipun ingkang langgeng. Yudas 24 mratelakaken, “Panjenengane kang kuwasa ngreksa marang kowe kabeh, supaya padha ora kasandhung sarta mrenahake kowe kalawan tanpa cacat ana ing ngarsaning kamulyane kanthi sukarena.” Gusti kagungan panguwaos njagi tiyang pitados supados boten dhumawah ing dosa. Katentreman ingkang langgeng ingkang kaparingaken Gusti dhumateng kita minangka sih rahmat.

Gusti Yesus Kristus mratelakaken, “Apa dene padha Dakwenehi urip langgeng, lan dheweke mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tanganKu. RamaKu kang maringake wedhus-wedhus iki kaluhurane ngungkuli samubarang kabeh, lan ora ana kang bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka ing astane RamaKu.” (Yokanan 10:28-29b).

Dados Gusti Yesus kaliyan Sang Rama saestu ngayomi kita ing astanipun. Sinten ingkang saged misahaken kita saking panganthining astanipun Sang Rama lan Sang Putra?

Efesus 4:30 mratelakaken dhateng kita bilih tiyang pitados punika “dipun cap kangge dinten pangentasan.” Menawi tiyang pitados boten nggadhahi katentreman ingkang langgeng, cap punika boten saged ngantos ing dinten pangentasan, ananging namung dumugi wedal nalikanipun tiyang tumindak dosa, murtad, utawi kecalan kapitadosan. Yokanan 3: 15-16 mratelakaken dhateng kita bilih sok sintena ingkang pitados ing Yesus Kristus badhe ndarbeni gesang langgeng. Menawi tiyang dipun paringi prajanji gesang langgeng, nanging lajeng dipun tarik, punika boten badhe nate miwiti kalanggengan. Menawi katentreman ingkang langgeng punika boten leres, prajanji bab gesang langgeng ing Kitab Suci punika lepat.

Lambaran ingkang kiyat sanget tumrap katentreman ingkang langgeng inggih punika Rum 8:38-39, “Sabab aku mesthekake, sanadyan pati utawa urip, para malaekat apa para panguwasa, kang saiki ana utawa kang bakal ana, apa para panguwasa kang ana ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhengah titah liyane, ora bakal bisa megatake kita saka ing sihe Gusti Allah, kang ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.” Katentreman kita ingkang langgeng kalambaraken wonten ing sihipun Gusti ingkang sampun nebus kita. Katentreman kita ingkang langgeng tinumbas dening Sang Kristus, dipun janjekaken Sang Rama, sarta dipun cap dening Roh Suci.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Katentreman ingkang Langgeng Punika Nyondhongi ing Kitab Suci?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries