settings icon
share icon
Pitaken

Kados Pundi Pangandikanipun Kitab Suci Babagan Jejodhoan Wonten ing Antaranipun bangsa-bangsa?

Wangsulan


Angger-angger Prajanjian Lawas mucal supados bangsa Israel boten jejodhoan kalih bangsa-bangsa sanesipun (Pangandaring Toret 7:3-4), amargi bangsa Israel saged badhe nyimpang saking Gusti, ngabekti dhumateng ilah sanes. Ing Prajanjian Anyar, angger-angger punika uga katulis nanging nggadhahi tataran ingkang benten. “Aja nganti kowe padha dadi rakitan kang ora timbang karo wong kang ora pracaya. Sabab kabeneran iku ana gegayutane apa karo duraka? Utawa kepriye bisane pepadhang tetunggalan karo pepeteng?” (2 Korinta 6:14). Bangsa Israel dipundhawuhi supados boten jejodhoan kaliyan bangsa sanesipun ingkang boten nyembah dhumateng Sang Yehuwah, sesembahanipun Israel, semono ugi tiyang ingkang pracaya dhumateng Gusti Yesus (tiyang Kristen) dipundhawuhi supados boten jejodhoan kaliyan tiyang ingkang dereng pracaya.

Pramila, wangsulanipun pitaken wonten ing inggil wau cetha sanget, Kitab Suci boten mratelakaken menawi jejodhoan ing antaranipun bangsa-bangsa punika klentu.

Sinten sejatosipun manungsa punika bisa dipunmangertosi saking watakipun, sanes saking warna kulitipun. Pramila kedah ngatos-atos menawi badhe mbiji tiyang sanes. (Yakobus 2:1-10, luwih-luwih/mirunggan ing ayat 1 uga 9). Pathokanipun tiyang Kristen milih rencang ingkang bahde dipunpek dados bojo inggih punika menawi tiyang kala wau tiyang Kristen (2 Korinta 6:14), tiyang ingkang sampun kalairaken malih wonten ing sang Kristus (Yokanan 3:3-5). Dados, pracaya dhumateng Gusti Yesus punika patokanipun, kangge milih jodho, sanes warna kulitipun. Jejodhoan wonten ing antaranipun bangsa-bangsa punika sanes perkawis bener utawi salah, ananging kita kedah nggadhahi kawicaksanan, kalantipan, lumantar pandonga kita wonten ing ngarsanipun Gusti Yesus.

Menawa badhe jejodhoan kaliyan bangsa sanes ingkang nggadhahi ras benten (warna kulitipun mbok bilih benten) kedah ditimbang kanthi mateng, awit mbok menawi sedulur-sedulur sanes sami kabotan anggenipun nampi. Kathah ingkang sami padha mbedakaken lan ngremehaken (nyepelekaken), langkung-langkung saged nggih kulawarganipun piyambak. Wonten ugi ingkang jejodhoan kaliyan bangsa ingkang benten warna kulitipun ngalami rubeda nalika larenipun nggadhahi kulit ingkang benten kaliyan tiyang sepuhipun utawi sedulur tunggal bapa-biyung / rama-ibu, pramila kedah dipuntimbang malih. Prakawis ingkang langkung baku malih, angger-anggering Kitab Suci sampun kaparingaken dhumateng kita: punapa tiyang ingkang badhe kita pilih punika dados sariranipun Sang Kristus?

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Kados Pundi Pangandikanipun Kitab Suci Babagan Jejodhoan Wonten ing Antaranipun bangsa-bangsa?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries