Punapa punika kanugrahan wicanten ngangge basa roh?




Pitaken: Punapa punika kanugrahan wicanten ngangge basa roh?

Wangsulan:
Kadadosan ingkang wiwitan bab wicanten ngangge basa roh kalampahan ing Dinten Pentakosta ing Lelampahaning Para Rasul 2:1-4. Para rasul sami medal lan sami bage-binage Injil kaliyan tiyang kathah, wicanten dhumateng tiyang kathah mawi basanipun piyambak, “kita krungu wong-wong iku padha calathu nganggo basa kita dhewe-dhewe bab pakaryan-pakaryan agung kang katindakake dening Gusti Allah!” (Lelakune Para Rasul 2:11). Tembung Yunani dipun terjemahaken “ilat” tegesipun sacara harafiah “basa”. Mila saking punika, kanugrahan wicanten ngangge basa roh punika wicanten ing salebeting basaning satunggaling tiyang boten dipun mangertosi supados lumados dhateng sok sintena ingkang saged wicanten mawi basa punika wau. Ing 1 Korinta bab 12-14, ing pundi Paulus ngrembag bab kanugrahan kaelokan, piyambakipun nerangaken bilih, “Kang iku para sadulur,saupama aku nekani kowe lan ngucap nganggo basa roh, iku apa paedahe tumraping kowe, manawa aku ora mratelakake bab wedharaning Allah, apa kawruh, utawa pamedhar wangsit apa piwulang?” (1 Korinta 14:6). Miturut Rasul Paulus, sarta miturut dhateng katerangan bab basa ing kitab Lelakune Para Rasul, wicanten ngangge basa roh punika begja tumrap tiyang ingkang mirengaken pangandikanipun Gusti Allah kados ing basanipun piyambak, nanging punika tanpa guna tumrap tiyang sanes – kajawi manawi saged dipun jarwakaken/dipun tegesaken.

Tiyang ingkang kaparingan kanugrahan njarwakaken basa roh (1 Korinta 12:30) saged mangertos punapa ingkang dipun ucapaken dening tiyang ingkang wicanten mawi basa roh malah sanadyan tiyang punika boten mangertos basa ingkang sampun dipun ucapaken. Panjarwa punika lajeng badhe nyariosaken pitutur saking pamicara basa roh dhateng tiyang sanes, satemah sadaya saged mangertos. “Mulane sing sapa ngucapake basa-roh, nyenyuwuna supaya bisa njarwakake” (1 Korinta 14:13). Miturut wusananing pamanggih-ipun Paulus ingkang kiyat sanget bab basa-roh ingkang boten saged kajarwakaken, “Nanging ana ing pasamuwan aku luwih seneng ngucapake limang tembung kang bisa dimangerteni kanggo mulang wong liya, katimbang tembung pirang-pirang ewu ing basa-roh” (1 Korinta 14:19).

Punapa taksih wonten kanugrahan wicanten mawi basa-roh ing wekdal punika? 1 Korinta 13:8 nyebutaken mandegipun kanugrahan basa-roh, saleresipun punika sesambetan kaliyan dhatengipun “kasampurnan” ing 1 Korinta 13:10. Wonten ing wekdal ingkang sampun katemtokaken ingkang sesambetan kaliyan bentenipun pamedhar wangsit kaliyan kawruh “sigeg” kaliyan basa-roh “nembe kasigeg” minangka bukti saking sigegipun basa-roh saderengipun dhateng “kasampurnan.” Sanadyan mbokmanawi, punika boten sacara gamblang katingal saking ayat punika. Wonten ugi ing perangan saking Yesaya 28:11 lan Yoel 2:28-29 minangka bukti bilih wicanten mawi basa-roh punika satunggaling tandha saking pangadilaning Gusti Allah ingkang saya celak. 1 Korinta 14:22 nerangaken basa-roh minangka “tandha tumrap tiyang ingkang boten pitados.” Sesambetan kaliyan pamanggih punika, kanugrahan basa-roh punika pangenget tumrap tiyang Yahudi bilih Gusti Allah badhe ngadili Israel awit panolakipun dhumateng Yesus Kristus minangka Mesias. Mila saking punika, nalika Gusti Allah ngadili Israel (kaliyan ngrisakaken Yerusalem lumantar tiyang Rumawi ing tahun 70 sasampunipun Gusti Yesus miyos), kanugrahan basa-roh boten dangu malih lajeng boten dipun gunakaken miturut tujuan ingkang saleresipun. Sanadyan pamanggih punika saged ugi leres, tujuan ingkang utami saking basa-roh ingkang dipun penuhi boten perlu nuntut bab panyigeg basa-roh punika. Ayat Kitab Suci boten kanthi yakin negesaken bilih kanugrahan wicanten mawi basa-roh sampun sigeg/mandheg.

Ing wekdal ingkang sami, manawi kanugrahan wicanten ing salebeting basa-roh ingkang kangge ing gereja samangke, punika badhe dipun wotenaken ing salebeting pasarujukan kaliyan ayat Kitab Suci. Punika badhe dados basa ingkang nyata sarta kapireng cetha (1 Korinta 14:10). Punika badhe dados tujuan saking sesambetaning Pangandikan-ipun Gusti Allah kaliyan tiyang saking basa ingkang benten (Lelakune Para Rasul 2:6-23). Punika badhe dados pasarujukan kaliyan panjurung bilih Gusti Allah sampun maringi lumantar Rasul Paulus, “Dene manawa ana kang ngucap nganggo basa roh, becike wong loro utawa keh-kehe wong telu bae, giliran, lan anaa siji kang njarwakake. Nanging manawa ora ana wong kang bisa njarwakake, becike wong-wong mau ana ing pasamuwanpadha menenga bae, mung mosika ana ing atine dhewe. Lan munjuk ana ing ngarsaning Allah” (1 Korinta 14:27-28). Punika ugi dados pamituhu tumrap 1 Korinta 14:33, “Awit kang dadi keparenge Gusti Allah iku ora ngarsakake kaanan kang kisruh, nanging kang tatarukun.”

Gusti Allah mesthi saged maringi kanugrahan dhateng tiyang kangge wicanten ing basa-roh supados sami saged rembagan kaliyan tiyang ingkang wicanten salebeting basa ingkang benten. Roh Suci kuwaos nyebaraken kanugrahan roh (1 Korinta 12:11). Namung nggambaraken sapinten langkung kathahipun pakaryaning para pawartos Injil saged dados manawi sami boten kedah sinau bab basa, lan enggal-enggal saged rembagan dhateng tiyang-tiyang ing salebeting basanipun piyambak. Nanging, Gusti Allah katingalipun boten nindakaken punika. Katingalipun basa-roh ingkang wonten ing wekdal punika boten kados basa-roh ingkang dumados ing Prajanjian Anyar sanadyan kanyatanipun bilih basa roh punika mbokmanawi sanget migunani. Saperangan ageng tiyang pitados ingkang ngakeni migunakaken kanugrahan wicanten mawi basa-roh ugi boten nindakaken kanthi pasarujuk-an kaliyan ayat-ayat Kitab Suci kasebat ing nginggil. Kanyatan punika mbekta dhateng wekasaning pamanggih bilih kanugrahan basa roh sampun kasigeg, utawi sakirang-kirangipun bab ingkang awis-awis sanget kadadosan wonten ing rancanganipun Gusti Allah tumrap pasamuwanipun ing wekdal samangke.

Sinten ingkang pitados kanugrahan basa roh minangka “basa pandonga” kangge kagunan rohaninipun piyambak, pikantuk gegambaranipun saking 1 Korinta 14:4 lan/utawi 14:28, “Sing sapa calathu nganggo basa roh iku mbangun awake dhewe, balik sapa kang medhar wangsit iku mbangun pasamuwan.” Ing sadaya bab 14, Paulus negesaken wigatosipun basa roh ingkang dipun wedharaken (dipun jarwakaken), pirsani bab 14:5-12. Punapa pangandikanipun Paulus ing ayat 4 inggih punika, “Manawi panjenengan wicanten mawi basa roh tanpa wonten ingkang saged njarwakaken, panjenengan boten nindakaken punapa-punapa kajawi mbangun panjenengan piyambak, damel panjenengan pinunjul ing karohanen katimbang tiyang sanes. Manawi panjenengan wicanten mawi basa roh lan saged kajarwakaken, panjenengan mbangun sadaya tiyang.” Prajanjian Anyar babarpisan boten maringi pitedah bab “pandonga ing salebeting basa roh.” Prajanjian Anyar babarpisan boten maringi tujuan “pandonga ing salebeting basa roh,” utawi sacara rinci nerangaken tiyang ingkang “ndedonga ing salebeting basa roh.” Langkung malih, manawi “ndedonga mawi basa roh” kangge mbangun dirinipun piyambak, punapa punika badhe boten adil tumrap tiyang ingkang boten gadhah kanugrahan basa roh lan sinten ingkang boten saged mbangun dirinipun piyambak? 1 Korinta 12:29-30 sacara cetha nedahaken bilih boten sadaya tiyang kaparingan kanugrahan wicanten ing salebeting basa roh.



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa punika kanugrahan wicanten ngangge basa roh?