Sepisan kawilujengaken tansah kawilujengaken?




Pitaken: Sepisan kawilujengaken tansah kawilujengaken?

Wangsulan:
Sepisan satunggaling pribadi kawilujengaken punapa badhe tansah kawilujengaken? Manawi tiyang ngupados Kristus minangka Juruwilujengipun, tiyang kalawau badhe kabekta dhateng sesambetan kaliyan Gusti Allah awit jaminan kawilujenganipun punika kawilujengan ingkang langgeng. Kathah bagian-bagian saking ayat-ayat Kitab Suci ingkang mratelakaken kanyatan punika. (a) Rum 8:30 mratelakaken, “Sarta wong kang padha katamtokake wiwit ing saka wit iku iya padha katimbalan. Lan kang wus padha ditimbali, iku iya padha kabenerake. Apadene kang wus kabenerake, iku iya padha dimulyakake.” Ayat punika nyariosaken dhumateng kita bilih saking prastawa punika Gusti Allah milih kita, kadosdene manawi kita kamulyakaken wonten ing Panjenenganipun ing swarga. Boten wonten ingkang saged ngalang-alangi tiyang pitados sadinten kemawon memuji awit Gusti Allah sampun nyawisi punapa ingkang katuju ing swarga. Sepisan satunggaling pribadi dipun leresaken, kawilujenganipun sampun dipun jamin – tiyang kalawau aman kados manawi piyambakipun kamulyakaken ing swarga.

(b) Paulus pitaken kalih pitakenan ingkang wigatos ing Rum 8:33-34 “Sapa kang bakal nggugat para pepilihanane Gusti Allah? Apa Gusti Allah kang mbenerake wong-wong mau? Sapa kang bakal matrapi paukuman? Apa Sang Kristus Yesus kang wus seda? Malah luwih saka iku, apa kang wus kawungokake, kang lenggah ana ing satengene Gusti Allah, kang dadi pangemban kita?” Sinten ingkang badhe nggugat pilihanipun Gusti Allah? Boten wonten, awit Kristus ingkang ngemban kita. Sinten ingkang badhe ngukum kita? Boten wonten, awit Kristus, satunggal-satunggalipun ingkang seda tumrap kita, inggih satunggal-satunggalipun ingkang ngleresaken. Kita ndarbeni kekalihipun inggih punika pangemban lan hakim minangka Juruwilujeng kita.

(c) Tiyang pitados lair malih (kaenggalaken) nalika sami pitados (Yokhanan 3:3; Titus 3:5). Tumrap tiyang Kristen supados kecalan kawilujenganipun, mila kedah tetep boten lair malih. Kitab Suci boten maringi katerangan bilih gesang enggal ingkang sampun kaparingaken saged kapundhut malih. (d) Roh Suci wonten ing sadaya tiyang pitados (Yokhanan 14:17; Rum 8:9) sarta mbaptisaken sadaya tiyang pitados wonten ing salebeting Sariranipun Sang Kristus (1 Korinta 12:13). Supados tiyang pitados boten kawilujengaken, piyambakipun kedah “medal” sarta misah saking Sariranipun Sang Kristus.

(e) Yokhanan 3:15 mratelakaken bilih sinten kemawon ingkang pitados ing Gusti Yesus Kristus badhe “ndarbeni gesang langgeng.” Manawi panjenengan pitados dhumateng Kristus ing dinten punika sarta ndarbeni gesang langgeng, nanging kecalan ing nbenjang, lajeng punika boten nate “langgeng” babarpisan. Mila saking punika manawi panjenengan kecalan kawilujengan, prajanji bab gesang langgeng ing Kitab Suci punika ateges lepat.

(f) Awit dasar ingkang paling nemtokaken punika, miturut kula ingkang dipun cariosaken ayat-ayat Kitab Suci punika ingkang paling sae piyambak, “Sabab aku mesthekake, sanadyan pati utawa urip, para malaekat apa para panguwasa, kang saiki ana utawa kang bakal ana apa para panguwasa kang ana ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhengah titah liyane, ora bakalbisa megatake kita saka ing sihe Gusti Allah, kang ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita” (Rum 8:38-39). Enget Gusti Allah ingkang sami ingkang sampun milujengaken panjenengan ugi Gusti Allah ingkang sami ingkang badhe ngayomi panjenengan. Sepisan kita kawilujengaken kita tansah kawilujeng-aken. Kawilujengan kita punika ingkang paling nemtokaken kalanggenganing kawilujengan!



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Sepisan kawilujengaken tansah kawilujengaken?