settings icon
share icon
Pitaken

Sinten ta Yesus Kristus Punika?

Wangsulan


Sinten ta Yesus Kristus punika? Benten kaliyan pitaken, “Punapa Gusti Punika Wonten?”, sakedhik sanget tiyang ingkang mratelakaken pitaken punika. Sacara umum, tiyang kathah nampi bilih Yesus saestu satunggaling manungsa ingkang nglampahi gesang wonten ing Israel 2000an tahun kapengker. Wicantenan punika kawiwitan nalika tiyang sami ngrembag babagan jati-dirinipun Gusti Yesus. Meh saben agami mucal bilih Yesus punika satunggaling nabi, utawi guru ingkang pinter, utawi satunggaling tiyang ingkang saleh. Prakawisipun, Kitab Suci nyuraosaken dhateng kita bilih Yesus punika langkung katimbang nabi, guru ingkang pinter, utawi tiyang ingkang saleh.

C.S. Lewis nyerat wonten ing bukunipun Mere Christianity, “Wonten ing mriki kula nyobi ngalang-alangi sok sintena saking pangucap bab ingkang saestu bodho bilih tiyang asring ngucapaken bab Panjenenganipun [Yesus Kristus]: “Kula wantun nampeni Yesus dados guruning kasusilan, nanging kula boten saged nampi panegesanipun bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah.” Menawi satunggaling tiyang (manungsa biasa) nyariosaken babagan warna-warni ingkang dipungendikakaken dening Gusti Yesus, tiyang punika mboten saged dados guru kasusilan ingkang agung. Piyambakipun sok edan –ingkang sami kemawon kaliyan tiyang ingkang cariyos bilih piyambak-ipun punika tigan ingkang kagodog, utawi sanesipun piyambakipun inggih iblising neraka. Panjenengan kedah milih. Punapa Panjenenganipun inggih Sang Putranipun Gusti Allah, tiyang edan, utawi ingkang langkung awon... Panjenengan saged nutup kuping, ngganggep Panjenenganipun tiyang bodho, ngidoni Panjenenganipun lan mejahi karana nganggep Panjenenganipun iblis; utawi panjenengan saged sujud lan ngakeni Panjenenganipun punika Gusti. Ananging sumangga kita boten sami mendhet pancasan punapa kemawon kanthi panyengkuyung ingkang sajatosipun namung kosong, babagan Panjenenganipun punika satunggaling guru manungsa ingkang agung.”

Piyambakipun boten nyukani pilihan punika tumrap kita. Piyambakipun boten gadhah tujuan kados makaten.

Lajeng, sinten Gusti Yesus punika? Punapa ingkang dipun ngendikakaken dening Kitab Suci?

Ingkang kapisan, sumangga kita sami nyimak pangandikanipun Gusti Yesus ing Yokanan 10:30, “Aku lan Sang Rama iku siji.” Punika katingalipun kados boten mratelakaken bilih Panjenenganipun Gusti Allah. Ewa semanten, sumangga mirsani tanggapanipun tiyang Yahudi tumrap pangandikanipun Gusti Yesus punika, “Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Allah, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Allah” (Yokanan 10:33). Tiyang Yahudi mangertosi pangandikanipun Yesus ingkang mratelakaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah. Wonten ing ayat salajengipun Yesus boten nate ngleresaken utawi nyangkal punapa ingkang dipun cariyosaken dening tiyang Yahudi, “Aku ora nerangake manawa Aku iki Allah.” Punika nedahaken bilih Yesus saestu ngandika Panjenenganipun punika Gusti Allah sarana katerangan, “Aku lan Sang Rama iku siji” (Yokanan 10:30). Yokanan 8:58 maringi satunggaling conto sanesipun.

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana!” Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci (Yokanan 8:59). Yesus mratelakaken jatidhirinipun kanthi “Aku iki” ingkang kapatrapaken saking Prajanjian Lawas ingkang nyebutaken Gusti Allah (Pangentasan 3:14). Kenging punapa tiyang Yahudi badhe sami mbenturi Gusti Yesus kaliyan watu manawi Panjenenganipun boten ngandika babagan ingkang dipun pitadosi dening tiyang Yahudi nyenyamah, nyamekaken, mratelakaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah?

Yokanan 1:1 nyariosaken makaten, “Sang Sabda iku Gusti Allah.” Yokanan 1:14 nyariosaken bilih “Sang Sabda wus dadi daging.” Ayat-ayat punika mratelakaken kanthi cetha bilih Gusti Yesus punika Gusti ingkang manjilma manungsa. Tomas, sakabatipun ngaturi Gusti Yesus, “Gusti sarta Allah kawula” (Yokanan 20:28). Yesus boten ngleresaken piyambakipun. Rasul Paul mratelakaken Panjenenganipun makaten, “.... Allah kang Mahaagung sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus” (Titus 2:13). Rasul Petrus nyuraosaken ingkang sami, “..Gusti Allah sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus” (2 Petrus 1:1). Gusti Allah Sang Rama ugi nyeksekaken bab jatining Sariranipun Gusti Yesus, “Nanging tumrap Sang Putra Panjenengane ngandika: “Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lantaran kaprabon Paduka punika lantaraning kaleresan.”” Prajanjian Lawas mratelakaken bab kaalahane Sang Kristus, “Amarga ana bayi kang wus miyos kanggo kita ana putra kang wus kaparingake marang kita, lambanging pamrentahan ana ing pamidhangane, lan asmane sinebut: Penasehat Elok, Gusti Allah kang prakosa, Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman.”

C.S. Lewis nyeksekaken bilih pitados dene Gusti Yesus punika guru ingkang sae sanes pilihan. Yesus saestu lan boten saged dipun sangkal malih bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah. Manawi Panjenenganipun punika sanes Gusti Allah, mila Panjenenganipun punika ngapusi, makaten ugi sanes nabi, guru ingkang sae, utawi tiyang ingkang saleh. Ing salebeting nyobi mratelakaken pangandikanipun Gusti Yesus, para sarjana jaman samangke mastani kayektosan bab sejarahipun Yesus boten kathah ingkang nyariosaken bab-bab sipatipun Gusti Yesus ing Kitab Suci. Sinten ta kita punika dene bebantahan kaliyan Sabdaning Gusti Allah bab punapa ingkang kapangandikakaken punapa boten dening Gusti Yesus? Kados pundi sarjana ingkang jarakipun kalihewu tahun saking Gusti Yesus gadhah pangerten ingkang langkung sae ngantos dumugi punapa ingkang kapangandikakaken lan boten kapangandikakaken dening Yesus tinimbang tiyang ingkang gesang, ngladosi, lan dipun wucal dening Yesus piyambak (Yokanan 14:26)?

Kenging punapa pitaken bab kayektosan jatining Sariranipun Gusti Yesus wigatos sanget? Kenging punapa dene bab punapa Yesus punika Gusti Allah dados kawigatosan dhumateng kathah tiyang? Alesan ingkang paling wigati bilih Yesus kedah dados Gusti Allah inggih punika manawi Panjenenganipun sanes Gusti Allah, sedanipun boten badhe saged ngluwari dosaning jagad (1 Yokanan 2:2). Namung Gusti Allah ingkang saged ngluwari paukuman tanpa wates (Rum 5:8; 2 Korinta 5:21). Yesus kedah dados Gusti Allah supados Panjenenganipun saged nglunasi utang kita. Yesus kedah dados manungsa supados Panjenenganipun saged seda. Karahayon kacawisaken namun langkung pitados ing Gusti Yesus Kristus! Sipat kaalahanipun Gusti Yesus inggih punika bilih namung Panjenenganipun punika margining karahayon. Sipat kaalahanipun Gusti Yesus inggih punika bilih Panjenenganipun ngandika, “Aku ini dalane sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku” (Yokanan 14:6).

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Sinten ta Yesus Kristus Punika?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries