Pitaken
Punapa Kawilujengan Punika Namung Amargi Kapitadosan, utawi Amargi Kapitadosan lan Pandamel Kita?
Wangsulan
Mbok menawi pitakenan punika ingkang paling wigatos wonten ing babagan teologi Kristen. Pitakenan punika ingkang njalari wontenipun Reformasi (nata malih); wontenipun pecahan ing antawisipun gereja Protestan lan gereja Katolik. Pitakenan punika kunci ingkang mbentenaken antawisipun Kakristenan sacara Kitab Suci lan saperangan ageng piwulang ingkang lepat.
Punapa kawilujengan punika namung karana kapitadosan, utawi karana kapitadosan lan pandamel? Punapa kula kawilujengaken namung awit pitados ing Gusti Yesus, utawi punapa kula kedah pitados ing Gusti Yesus uga nindakaken bab-bab ingkang sampun katemtokaken?
Pitaken bab namung kapitadosan utawi kapitadosan lan pandamel punika tumrap sawetawis tiyang kraos awrat kangge damel karahayon nampeni Kitab Suci. Mugi dipunbandingaken kaliyan serat Rum 3:28, 5:1 lan Galati 3:24 kaliyan Yakobus 2:24. Sawetawis tiyang ningali bentenipun antawisipun Paulus (karahayon punika namung awit saking kapitadosan) lan Yakobus (karahayon punika awit saking kapitadosan lan pandamel).
Kasunyatanipun, Paulus lan Yakobus boten nyelaki kekalihipun. Panyelak ingkang dipunwicantenaken sejatinipun inggih babagan kapitadosan lan pandamel. Paulus mratelakaken bilih dasaring kita kaleresaken punika namung saking kapitadosan (Efesus 2:8-9) dene Yakobus mratelakaken bilih dasaring kita kaleresaken punika saking kapitadosan lan pakaryan.
Bab ingkang katingal kosokbalen punika saged dipunmangertosi kanthi nitipriksa punapa sajatosipun ingkang dipunwicantenaken dening Yakobus. Yakobus mratelakaken kalepatan anggenipun kapitadosan bilih sok sintena kemawon saged gadhah kapitadosan tanpa ngasilaken pakaryan ingkang sae (Yakobus 2:17-18). Yakobus negesaken bab punika bilih kapitadosan dhumateng Sang Kristus ingkang sayektos badhe ngangsalaken ewah-ewahaning gesang lan pakaryan ingkang sae (Yakobus 2:20-26).
Yakobus boten mratelakaken bilih kaleresan punika saking kapitadosan sarta pakaryan, nanging cekap bilih tiyang ingkang saestu leres awit saking kapitadosan badhe nggadhahi pakaryan ingkang sae ing gesangipun. Manawi tiyang mratelakaken bilih panjenenganipun tiyang pitados, nanging boten nindakaken pakaryan ingkang sae ing gesangipun, sami kemawon kaliyan boten gadhah kapitadosan ingkang sayektos wonten ing Sang Kristus (Yakobus 2:14, 17, 20, 26).
Paulus mratelakaken babagan ingkang sami wonten ing seratanipun. Woh ingkang sae saking tiyang pitados ingkang badhe kapanggih ing gesangipun inggih kados punapa ingkang kaserat ing Galati 5:22-23. Mila saksampunipun paring dhawuh dhateng kita bilih kita sampun kawilujengaken awit saking kapitadosan, sanes karana pakaryan (Efesus 2:8-9), Paulus paring dhawuh dhateng kita bilih kita katitahaken supados nindakaken pakaryan ingkang sae (Efesus 2:10).
Paulus gadhah pangajeng-ajeng kangge ngewahi gesang sami kaliyan ingkang katindakaken dening Yakobus, “Dadi, sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar; kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka” (2 Korinta 5:17)! Yakobus lan Paulus boten nyelaki bab piwucalipun tumrap kawilujengan. Piyambakipun nyaketi pokok ingkang sami saking panyawang ingkang benten. Paulus negesaken sacara prasaja bilih kita kaleresaken punika awit saking kapitadosan kemawon dene Yakobus negesaken kasunyatan bilih kapitadosan wonten ing Sang Kristus punika badhe ngangsalaken pakaryan ingkang sae.
English
Punapa Kawilujengan Punika Namung Amargi Kapitadosan, utawi Amargi Kapitadosan lan Pandamel Kita?