Punapa tegesipun gesang?




Pitaken: Punapa tegesipun gesang?

Wangsulan:
Punapa tegesipun gesang? Kadospundi kula saged manggih tujuan, kasam-purnan, lan marem ing salebeting gesang? Punapa kula badhe nggadhahi kasagedan mrantasi bab-bab wigatos ing salaminipun? Satemah kathah tiyang boten saged mandheg anggenipun nimbang-nimbang punapa tegesipun gesang punika. Para tiyang wau wangsul ningali tahun-tahun kapengker lan gumun kenging punapa sesambetanipun sami risak lan kenging punapa sami rumaos kosong sinaosa mbokmanawi sampun sami nggayuh punapa ingkang sami karancang badhe karampungaken. Satunggaling pemain baseball ingkang damel basebal kawentar ing lapangan baseball taken punapa ingkang dipun ajeng-ajeng saking satunggaling tiyang ingkang cariyos dhateng piyambakipun nalika piyambakipun nembe wiwitan main baseball. Piyambakipun mangsuli, “Ingkang kula ajeng-ajeng inggih punika tiyang badhe cariyos dhateng kula bilih manawi panjenengan saged nggayuh katenaran, ing mrika boten wonten punapa-punapa.” Kathah tujuan ingkang namung awujud kakosongan sasampunipun tahun-tahun ingkang sampun kaborosaken ing salebeting ngupados gegayuhan kalawau.

Ing salebeting masyarakat kita, tiyang sami ngoyak kathah tujuan, mikiraken bilih ing salebeting punapa ingkang dipun tuju punika sami saged manggih tegesing gesang. Ing antawisipun kalebet ngoyak: kasuksesaning padamelan, kasugihan, sesambetan ingkang sae, seks, kasenengan, nindakaken bab ingkang sae tumrap sesami, lan sanesipun. Tiyang sami neksekaken bilih sanadyan tiyang-tiyang wau sampun sami nggayuh tujuanipun ing bab kasugihan, sesrawungan, lan kasenengan, taksih wonten kakosongan ingkang lebet ing batinipun –- satunggaling raos kakosongan ingkang boten katingal supados dipun isi.

Panyerat kitab Kohelet mecakaken pangraos punika nalika piyambakipun wicanten, “Banget anggone tanpa guna! Banget anggone tanpa guna, mangkono pangandikane Sang Kohelet, banget anggone tanpa guna, samubarang kabeh iku tanpa guna!” Panyerat punika sampun gadhah kasugihan ingkang sakalangkung kathah, kawicaksanan nglangkungi tiyang sanes ing jamanipun ugi ing jaman kita, wanita atusan, kraton lan patamanan inggih punika kaprabon ingkang nimbulaken meri, tetedhan lan anggur ingkang paling sae, sarta gadhah sadaya warni kasenengan ingkang cumawis. Lan panjenenganipun ngandika ing satunggaling bab, bilih sadaya ingkang dipun kepengini manahipun, sampun kagayuh. Lan malih panjenenganipun nyimpulaken “kagesangan ing sangandaping surya” (kawontenaning gesang punika gesang kados-kados sadaya cumawis ing mrika. Gesang punika punapa ingkang saged kita tingali sarana mripat kita lan kita alami sarana pangraos kita ) punika tanpa guna! Kenging punapa ingkang makaten punika tanpa guna? Awit Gusti Allah nitahaken kita tumrap bab ingkang nglangkungi punapa ingkang kita alami ing mriki lan sapunika. Salomo wicanten bab Gusti Allah, “Samubarang kabeh katitahake endah ing wayah kang wus kapesthekake malah atine padha kaparingan kalanggengan, nanging manungsa ora bisa nyumurupi pakaryaning Allah wiwit wiwitan nganti kalanggengan.” Ing manah kita kita rumaos bilih “ing mriki lan sapunika” boten sadaya punika wonten.

Ing Purwaning Dumadi, kitab kapisan saking Kitab Suci, kita manggih bilih Gusti Allah nitahaken manungsa miturut gambaranipun Gusti Allah (Purwaning Dumadi 1:26). Punika tegesipun bilih kita langkung memper kaliyan Gusti Allah katimbang kita memper kaliyan titah sanesipun (bentuk gesang sanesipun). Kita ugi manggih bilih saderengipun manungsa dhumawah ing dosa sarta kadhawahan ipat-ipat kapapanaken ing jagad, bab-bab ing salajengipun punika saleresipun: (1) Gusti Allah ndadosaken manungsa titah sosial (Purwaning Dumadi 2:18-25); (2) Gusti Allah maringi manungsa padamelan (Purwaning Dumadi 2:15); (3) Gusti Allah kagungan sesambetan kaliyan manungsa (Purwaning Dumadi 3:8); lan (4) Gusti Allah maringi manungsa panguwaos tumrap saisining jagad (Purwaning Dumadi 1:26). Punapa ingkang dipun kajengaken saking pokok-pokok punika? Kula pitados bilih Gusti Allah ngersakaken saking saben pokok punika nambahi kapenuhan ing salebeting gesang kita, nanging sadaya saking punika (utaminipun sesambetaning manungsa kaliyan Gusti Allah) tingkah polah ingkang namung lamis karana manungsa dhumawah ing dosa lan pituwasipun nampi ipat-ipat kapapanaken ing jagad (Purwaning Dumadi 3).

Ing kitab Wahyu, pungkasaning Kitab Suci, ing wekdal ingkang pungkasan saking pungkasaning kadadosan-kadadosan sanesipun, Gusti Allah ngandika bilih Panjenenganipun badhe ngremuk jagad ingkang sapunika sarta swarga kados ingkang kita sumerepi jagad lan swarga sarta palados ing salebeting kawontenan ing kalanggengan sarana nitahaken swarga enggal lan jagad enggal. Ing wekdal punika, Panjenenganipun badhe mulihaken sesambetan ingkang sayektos sarana milujengaken manungsa. Kathah manungsa ingkang badhe kaadili miturut pandamelipun sarta kacemplungaken ing Segara Latu (Wahyu 20:11-15). Lan sarana punika ipat-ipating dosa badhe kasingkiraken; satemah boten badhe wonten dosa malih, kasisahan, sesakit, pejah, kasangsaran, lan sanesipun (Wahyu 21:4). Sarta para tiyang pitados badhe marisi sadayanipun; Gusti Allah badhe pinarak ing satengahing tiyang pracaya, lan para tiyang pracaya badhe dados para putraning Allah (Wahyu 21:7). Makaten, kita nglangkungi sadaya ingkang Gusti Allah titahaken tumrap kita supados kita tansah sesambetan kaliyan Panjenenganipun; dosaning manungsa, ngrisak sesambetan punika; Gusti Allah mulihaken sacara sampurna sesambetan punika ing kawontenaning kalanggeng-an sarana tetimbangan ingkang pantes dining Panjenenganipun. Sapunika, nglangkungi gesang kangge nggayuh punapa kemawon lan sadaya kemawon namung mejahi pepisahan saking Gusti Allah tumrap kalanggengan badhe dados langkung awon lan muspra! Nanging Gusti Allah sampung nyawisaken margi ingkang boten namung tumuju karahayon ingkang langgeng (Lukas 23:43), nanging ugi gesang punika damel marem lan migunani tumrap kasaenan. Sapunika, karahayon ingkang langgeng lan “swarga ing jagad” punika kagayuh?

GESANG KANG MIGUNANI KAPULIHAKEN LUMANTAR YESUS KRISTUS

Minangka pitedah ing inggil, teges saleresipun saking kekalihipun samangke sarta ing jaman kalanggengan kapanggihaken ing satunggaling pamulihan sesambetan kaliyan Gusti Allah ingkang sampun ical rikala Adam lan Hawa dhumawah ing dosa. Samangke, sesambetan kaliyang Gusti Allah namung saged nglangkungi Putranipun Allah, Yesus Kristus (Lelakune Para Rasul 4:12; Yokhanan 14:6; Yokhanan 1:12). Gesang langgeng saged katambahaken manawi manungsa nggetuni dosanipun (boten badhe nglajengaken malih tumindak dosa nanging kepengin Kristus ngewahi sarta ndadosaken pribadi ingkang enggal) lan wiwit sumendhe ing Yesus Kristus minangka Juruwilujeng (kula aturi mirsani pitaken “Punapa punika rancanganing kawilujengan?” minangka pitedah salajengipun wonten ing wedalan ingkang paling wigatos).

Samangke, teges ingkang saleresipun ing salebeting gesang boten dipun panggihi saestu namung pinanggih wonten ing Gusti Yesus minangka Juruwilujeng (sami endahipun kaliyan punika). Langkung saking punika, teges ing saleresipun ing salebeting gesang dipun panggihi rikala tiyang wiwit ndherek Kristus minangka sakabatipun, sinau bab Panjenengan-ipun, nelasaken wekdal kaliyan Panjenenganipun sarana Sabdanipun, Kitab Suci, sesambet-an kaliyan Panjenenganipun sarana pandonga, sarta lumampah kaliyan Panjenenganipun lumantar setya ing angger-anggeripun. Manawi panjenengan dereng pitados (utawi mbomenawi nembe pitados enggal) panjenengan mbokmenawi panjenengan ngudarasa tumrap panjenengan piyambak, “Iku dudu swara sing nyenengake utawa maremake tumrap aku!” Nanging sumangga maosa langkung dangu sakedik. Yesus ngandika kados ing ngandap punika: “He para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu. PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alur lan lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu. Amarga pasanganKu iku kepenak lan momotanKu iku entheng” (Matius 11:28-30). “Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwea urip, kanthi kaluberan” (Yokhanan 10:10b). “Manawa ana wong kang arep ngetut buri Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe sarta manggula salibe lan melua Aku. Amarga sing sapa kumudu-kudu nylametake nyawane, iku bakal kelangan nyawane, nanging kang kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nemu” (Matius 16:24-25). “Lan bungaha marga saka Sang Yehuwah, dadi kowe mesthi diparingi pepenginaning atimu” (Jabur 37:4).

Punapa ingkang dipun cariyosaken dening sadaya ayat kalawau inggih punika kita gadhah pilihan. Kita saged nglajengaken ngupados panuntun tumrap gesang kita piyambak (kanthi asil gesang ing kakosongan) utawi kita saged milih ngupados Gusti Allah sarta ingkang Panjenenganipun kersakaken tumrap gesang kita kanthi gumolonging manah (ing pundi badhe ngangsalaken gesang ingkang kaluberan, ngangsalaken pepenginaning manah, sarta manggih kabingahan lan kamareman). Sadaya punika wau amargi ingkang Nitahaken kita ngasihi kita sarta ngersakaken sadaya ingkang paling sae tumrap kita (boten cekap namung gesang ingkang gampil, nanging sanget migunani).

Minangka panutup, kula kepengin sesarengan ngrembag bab pasemon ingkang kaampil saking satunggaling kanca pandhita. Manawi panjenengan tiyang ingkang remen olah raga sarta netepaken badhe ningali tanding olah raga profesional, panjenengan saged mbayar sawetawis dolar lan panjenengan badhe pikantuk palenggahan ing barisan wingking ing inggil saking stadion punika utawi panjenengan saged ngrogoh sak lan nelasaken atusan dolar sarta panjenengan badhe pikantuk kursi ingkang sipatipun pribadi lan celak kaliyan lapangan tanding punika. Punika kados dene gesang Kakristenan. Migatosaken yeyasaning Astanipun Gusti Allah punika sanes kangge Kakristenan ing dinten Minggu. Tiyang-tiyang wau boten mbayar reginipun. Migatosaken yeyasaning Astanipun Gusti Allah punika kanthi gumolonging manah sakabatipun Kristus ingkang saestu mandheg anggenipun ngupados pepenginanipun piyambak ing salebeting gesang satemah sami saged ngupados tujuaning Gusti Allah ing salebeting gesang. Tiyang-tiyang wau sampun mbayar reginipun (saestu sumendhe dhumateng Sang Kristus lan kersanipun); tiyang-tiyang punika wau ngalami gesang ingkang kaluberan; sarta sami badhe kapanggih piyambak kaliyan sesamining manungsa, sarta ingkang Yeyasa kalayan tanpa getun! Punapa panjenengan sampun nglunasi? Punapa panjenengan badhe nglunasi? Manawi makaten, panjenengan boten badhe kaluwen bab gunaning lan tujuaning gesang malih.



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa tegesipun gesang?