settings icon
share icon
Pitaken

Punapa Pangandikanipun Kitab Suci Bab Tumindak Jindik? Punapa Jindik Punika Dosa?

Wangsulan


Kitab Suci kanthi ajeg mratelakaken bilih tumindak jindik punika dosa (Purwaning Dumadi 19:1-13; Kaimaman 18:22; Rum 1:26-27; 1 Korinta 6:9). Rum 1:26-27 mucal bilih jindik punika dosa lantaran nyelaki sarta nyidrani Gusti. Manawi tiyang nglajengaken tumindak dosa lan boten pitados, Kitab Suci nyariosaken dhumateng kita bilih Sang Yehuwah “masrahaken dhateng tiyang kalawau” badhe tetep wonten ing salebeting dosa ingkang langkung jahat lan risak supados nedahaken dhateng tiyang-tiyang kalawau tanpa guna sarta boten gadhah pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah ing gesangipun. 1 Korinta 6:9 mratelakaken bilih “tiyang dosa” awit jindik boten badhe marisi kratoning Sang Yehuwah.

Gusti boten nitahaken tiyang kanthi pepenginan tumindak jindik. Kitab Suci mratelakaken dhateng kita bilih tiyang dados jindik karana dosa (Rum 1:24-27), sarta wekasanipun awit saking pilihanipun piyambak. Kathah tiyang ingkang nyariosaken, bilih mbok manawi panjenenganipun kalairaken kanthi nggadhahi kaapesan ingkang langkung ageng ing bab jindik, kadosdene tiyang-tiyang ingkang lair kanthi nyondhongi tumindak ambek siya sarta dosa-dosa sanesipun. Punika sanes alasan kenging punapa tiyang milih nglampahi dosa sarana pasrah dhateng pepenginan tumindak dosa.

Manawi tiyang lair kanthi kakirangan ing bab kanepson/kamurkan ingkang langkung ageng, punapa punika badhe damel sadayanipun sae manawi lajeng pasrah dhateng pepenginan punika? Mesti kemawon boten! Makaten ugi tumrap jindik.

Sanadyan makaten, Kitab Suci boten nerangaken bilih jindik punika dosa ingkang langkung ageng katimbang dosa sanesipun. Sadaya dosa punika saestu natoni panggalihipun Sang Yehuwah. Jindik punika namung salah satunggaling prakawis ingkang kasebat ing 1 Korinta 6:9-10 ingkang badhe ngalang-alangi tiyang saking Kratoning Swarga. Miturut Kitab Suci, pangapunten saking Gusti kados ingkang kacawisaken tumrap para jindik punika ugi kaparingaken tumrap tiyang ingkang tumindak jina, panyembah brahala, tiyang ingkang mejahi, maling, lan sapanunggalanipun. Gusti ugi paring prajanji maringi kakiyatan supados kita mimpang saking dosa, kalebet jindik, tumrap sok sintena ingkang pitados ing Yesus Kristus minangka Juru Wilujengipun (1 Korinta 6:11; 2 Korinta 5:17).

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Pangandikanipun Kitab Suci Bab Tumindak Jindik? Punapa Jindik Punika Dosa?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries