settings icon
share icon
Pitaken

Kados Pundi Kula Pikantuk Gesang Langgeng?

Wangsulan


Kitab Suci sampun maringi margi ingkang cetha supados kita saged tumuju ing gesang langgeng.

Kapisan, kita kedah ngakeni bilih kita menika tiyang ingkang sampun tumindak dosa dhumateng Gusti:

“Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah.” (Rum 3:23).

Kita sampun nindakaken sadaya samukawis ingkang mboten dipun keparengaken dening Gusti, ingkang murugaken kita pantes nampi paukuman. Amargi sadaya dosa kita, wekasanipun kita lumawan dhumateng Gusti ingkang langgeng, mila namung paukuman langgeng ingkang pantes kita tampi.

“Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.” (Rum 6:23)

Nanging, Yesus Kristus, ingkang tanpa dosa (1 Petrus 2:22), Putranipun Gusti ingkang langgeng sampun dados manungsa (Yokanan 1:1, 14) lan seda kangge ngruwat dosa kita.

“Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.” (Rum 5:8).

Yesus Kristus seda wonten ing kajeng salib (Yokanan 19:31-42), nanggel paukuman ingkang kedahipun kita tanggel (2 Korinta 5:21). Tigang dinten salajengipun, Panjenenganipun wungu saking sedanipun (1 Korinta 15:1-4), mbuktekaken kamenanganipun dhumateng dosa lan pati.

“Pinujia Gusti Allah Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati.” (1 Petrus 1:3).

Lumantar kapitadosan, kita kedah nilaraken dosa lan wangsul dhumateng Sang Kristus supados kawilujengaken (Lelakone Para Rasul 3:19). Menawi kita masrahaken kapitadosan kita wonten ing Panjenenganipun, pitados bilih sedanipun wonten ing kajeng salib punika kangge ngruwat dosa kita, kita bade kaapunten lan nampi prajanjian gesang langgeng ing swarga.

“Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.” (Yokanan 3:16).

“Sabab, manawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokake Panjenegane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu.” (Rum 10:9).

Inggih namung kapitadosan wonten ing pakaryanipun Kristus, wonten ing kajeng salib, punika margining gesang langgeng!

“Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah, iku dudu wohing panggawemu: aja ana wong kang gumunggung.” (Efesus 2:8-9).

Menawi panjenengan kersa nampi Yesus Kristus dados Juruwilujeng panjenengan, punika wonten satunggaling conto pandonga. Panjenengan kedah ngengeti bilih pandonga punika utawi pandonga sanesipun mboten bade damel wilujenging panjenengan. Namung kapitadosan wonten ing Kristus ingkang saged milujengaken panjenengan saking dosa. Pandonga punika inggih namung satunggaling cara kangge mratelakaken kapitadosan panjenengan dhumateng Gusti lan pamatur nuwun tumprap kawilujengan peparingipun Gusti.

“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”

Punapa panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” wonten ing ngandhap punika.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Kados Pundi Kula Pikantuk Gesang Langgeng?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries