settings icon
share icon
Pitaken

Punapa Yesus Punika Gusti? Punapa Yesus Nate Nelakaken Bilih Panjenenganipun Punika Gusti?

Wangsulan


Kitab Suci boten nyerat bilih Yesus kanthi cetha ngendika, “Aku iki Gusti.” Ananing punika boten ateges Gusti Yesus boten nerangaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah, Sang Yehuwah. Kita saged maos wonten ing Yokanan 10:30, “Aku lan Sang Rama iku siji.” Pratelan punika katingalipun kados boten nerangaken bilih Panjenenganipun Gusti Allah. Ewa semanten, sumangga kita mirsani tanggapanipun tiyang Yahudi tumrap pangandikanipun Gusti Yesus punika, “Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Allah, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Allah” (Yokanan 10:33). Tiyang Yahudi mangertosi pangandikanipun Yesus ingkang nerangaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah. Wonten ing ayat salajengipun Yesus boten nate ngleresaken utawi nyangkal punapa ingkang dipun cariyosaken dening tiyang Yahudi, “Aku ora nerangake manawa Aku iki Allah.” Punika nedahaken bilih Yesus saestu ngandika Panjenenganipun punika Gusti Allah sarana katerangan, “Aku lan Sang Rama iku siji” (Yokanan 10:30). Yokanan 8:58 maringi satunggaling conto sanesipun.

Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana!” Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci (Yokanan 8:59).

Kenging punapa tiyang Yahudi badhe sami mbenturi Gusti Yesus kaliyan watu manawi Panjenenganipun boten ngandika babagan ingkang dipun pitadosi dening tiyang Yahudi nyenyamah, nyamekaken, nerangaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah?

Yokanan 1:1 nyariosaken makaten, “Sang Sabda iku Gusti Allah.” Yokanan 1:14 nyariosaken bilih “Sang Sabda wus dadi daging.” Ayat-ayat punika nerangaken kanthi cetha bilih Gusti Yesus punika Gusti ingkang manjilma manungsa. Lelakone Para Rasul 20:28 nyariosaken dhateng kita, “Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang pada dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak.” Sinten ingkang ndarbeni pasamuwan kanthi rahipun piyambak? Gusti Yesus Kristus. Lelakone Para Rasul 20:28 nerangaken bilih Gusti mundhut pasamuwan kanthi rahipun piyambak. Awit saking punika, Yesus punika Gusti Allah!

Tomas, sakabatipun ngaturi Gusti Yesus, “Gusti sarta Allah kawula” (Yokanan 20:28). Yesus boten ngleresaken piyambakipun. Titus 2:13 njurungi kita supados nengga rawuhipun Gusti lan Pamarta kita, Yesus Kristus (sumangga ugi mirsani 2 Petrus 1:1). Wonten ing Ibrani 1:8, Sang Rama ngandika bab Gusti Yesus, “Nanging tumrap Sang Putra Panjenengane ngandika: “Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lan kaprabon Paduka punika lantaraning kaleresan.””

Ing kitab Wahyu, satunggaling malaekat paring dhawuh dhateng Rasul Yokanan supados namung nyembah dhumateng Gusti (Wahyu 19:10). Ing sawetawis ayat Kitab Suci, Gusti Yesus nampi panyembah (Matius 2:11; 14:33; 28:9, 17; Lukas 24:52; Yokanan 9:38). Panjenenganipun boten nate ngutus tiyang supados nyembah Panjenenganipun. Manawi Yesus sanes Gusti, Panjenenganipun mesthi ngandika dhateng para tiyang wau supados sampun nyembah Panjenenganipun, kados dene malaekat ing Wahyu. Wonten kathah ayat sanesipun lan peranganipun Kitab Suci ingkang nerangaken bab ka-Tuhan-anipun Yesus.

Dasar ingkang paling wigatos bilih Gusti Yesus kedah dados Gusti Allah inggih punika manawi Panjenenganipun sanes Gusti Allah, sedanipun boten badhe nyekapi ngruwat paukuman dosaning jagad punika (1 Yokanan 2:2). Namung Gusti Allah ingkang saged ngluwari paukuman tanpa wates. Namung Gusti ingkang saged ngluwari dosaning jagad (2 Korinta 5:21), pejah, lan kawungokaken, mbuktekaken kamenanganipun saking dosa lan pati.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Yesus Punika Gusti? Punapa Yesus Nate Nelakaken Bilih Panjenenganipun Punika Gusti?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries