settings icon
share icon
Pitaken

Punapa Tiyang Kristen Kedah Netepi Paugeraning Toret lan Paugeraning Prajanjian Lawas?

Wangsulan


Kunci kangge mangertosi perangan punika inggih punika nyumurupi bilih angger-angger wonten ing Prajanjian Lawas kaparingaken dhateng bangsa Israel, sanes kangge tiyang Kristen. Angger-angger kalawau kaparingaken supados tiyang Israel sumerep kadospundi netepi angger-anggering Gusti (contonipun inggih punika angger-angger sedasa titah), kangge nedahaken kadospundi bangsa Israel kedah ngabekti/nyembah dhumateng Gusti (contonipun tatacara ngaturaken kurban), lan kangge mangertosi bilih bangsa Israel punika benten saking bangsa sanesipun (contonipun tatanan babagan tetedhahan lan ageman). Boten wonten satunggaling Angger-angger Toret lan Prajanjian Lawas ingkang kapatrapaken dhateng kita ing wekdal punika. Nalika Gusti Yesus seda wonten ing kajeng salib, Panjenenganipun mungkasi angger-anggering Prajanjian Lawas (Rum 10:4; Galati 3:23-25; Efesus 2:15).

Minangka gantosing angger-angger Prajanjian Lawas, kita nglampahi gesang wonten ing wewengkoning pepakenipun Sang Kristus (Galati 6:2) ingkang surasoipun : “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira. Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhur dhewe. Dene angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe. Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi iku gumantung karo angger-angger loro mau” (Mateus 22:37-40). Manawi kita nglampahi kalih bab punika, kasunyatanipun kita nindakaken punapa ingkang dipunkersakaken dening Sang Kristus, “Amarga katresnan marang Gusti Alah iku wujude yaiku, yen kita padha netepi ing pepakone. Pepakon-pepakone iku ora abot” (1 Yokanan 5:3). Sejatinipun, angger-angger sedasa titah punika boten namung kaangge tumrap tiyang Israel kemawon. Kadospundia, sanga (9) saking sedasa (10) angger-angger punika kawangsuli malih wonten ing Prajanjian Anyar (sedaya pepaken kajawi pepaken babagan nglampahi dinten Sabat). Manawi kita ngasihi Gusti Yehuwah kita temtu boten badhe nyembah allah-allah sanes utawi nyembah brahala. Manawi kita ngasihi sesami kita, kita temtu boten badhe mejahi, nyidrani, tumindak sedheng dhateng sesami kita, utawi meri kaliyang punapa ingkang dipun darbeni sesami kita. Dados, gesang kita boten wonten ing sangandhaping sarat-sarat, angger-angger ing Prajanjian Lawas. Kita ngasihi Gusti Yehuwah sarta ngasihi sesami kita. Manawi kita nindakaken kalih bab kalawau kanthi kebak ing kapitadosan, sedaya bab sanesipun badhe kawuwuhaken.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Tiyang Kristen Kedah Netepi Paugeraning Toret lan Paugeraning Prajanjian Lawas?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries