settings icon
share icon
Pitaken

Punapa Ingkang Dipunwastani Sekawan Angger-anggering Karohanen Punika?

Wangsulan


Sekawan Angger-anggering Karohanen inggih punika salah satunggaling cara ngrembag kabar kabingahan bab kawilujengan ingkang kasadiyakaken lumantar kapitadosan ing Gusti Yesus Kristus. Punika cara ingkang prasaja kangge ngrembag babagan ingkang wigati wonten ing salebeting Injil, ingkang dipunpratelakaken dados sekawan bab.

Ingkang kaping pisan saking Sekawan Angger-anggering Karohanen inggih punika, “Gusti Allah ngasihi panjenengan lan kagungan rancangan ingkang endah tumrap gesang panjenengan.”

Yokanan 3:16 mratelakaken dhumateng kita, “Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.” Yokanan 10:10 maringi dedasar bab rawuhipun Gusti Yesus, “Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwea urip, kanthi kaluberan.” Punapa ingkang ngalang-alangi kita saking sihipun Gusti Allah? Punapa ingkang menggak kita saking gesang ingkang kaluberan?

Ingkang kaping kalih saking Sekawan Angger-anggering Karohanen inggih punika, “Manungsa punika karisak dening dosa lan awit saking punika kapisahaken saking Gusti Allah. Dene pituwasipun, kita boten saged mangertosi rancanganipun Gusti Allah kang endah tumrap urip kita.” Rum. 3:23 nerangaken bab punika, “Marga kabeh wong wus padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah.” Rum. 6:23 maringi pitedah bab pituwasing dosa dhumateng kita makaten, “awit pituwase dosa iku pati.” Gusti Allah nitahaken kita supados kita nggadahi sesambetan kaliyan Panjenenganipun. Nanging, manungsa sampun nglampahi dosa wonten ing jagad punika, lan kapisahaken saking Gusti Allah. Kita sampun ngrisak sesambetan kaliyan Panjenenganipun, pramila punika Gusti Allah kepengin kita nggadhahi sesambetan ingkang sae malih. Kados pundi caranipun?

Ingkang kaping tiga saking Sekawan Angger-anggering Karohanen inggih punika, “Inggih namung Gusti Yesus punika katetepaning Gusti Allah tumrap dosa kita. Lumantar Gusti Yesus Kristus, kita saged nampi pangapuntening dosa kita lan sesambetan kita ingkang sae kaliyan Gusti Allah saged dipundandosi.” Rum. 5:8 nyariosaken dhumateng kita, “Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.” 1 Korinta 15:3-4 maringi pitedah dhumateng kita bab punapa kemawon ingkang kedah kita lampahi uga dipunpitadosi supados kawilujengaken, “…yaiku yen Sang Kristus wus nglampahi seda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasaning Kitab Suci, manawa Panjenengane wus kasarekake, sarta ing telung dinane wus kawungokake, cundhuk karo surasaning Kitab Suci...” Yesus piyambak ngandika bilih namung Panjenenganipun punika margining kawilujengan wonten Yokanan 14:6, “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.” Kados pundi kita saged nampeni peparing rahmat kawilujengan ingkang endah punika?

Ingkang kaping sekawan saking Sekawan Angger-anggering Karohanen inggih punika, “Kita kedah masrahaken kapitadosan kita dhumateng Gusti Yesus Kristus kang jumeneng Juru Wilujeng supados kita nampi peparing kawilujengan lan mangertos rancangan endah saking Gusti Allah tumrap gesang kita.” Yokanan 1:12 nerangaken bab punika tumrap kita, “Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane…”. Lelakone Para Rasul 16:31 kanthi cetha nyuraosaken bab punika, “Kula aturi pitados dhateng Gusti Yesus Kristus, temah panjenengan badhe wilujeng, panjenengan dalah brayat panjenengan.” Kita saged kawilujengaken sarana sih-rahmat piyambak, mung lantaran pangandele wonten ing Gusti Yesus Kristus piyambak (Efesus 2;8-9).

Manawi panjenengan kepengin pitados ing Gusti Yesus Kristus ingkang dados Juru Wilujeng, panjenengan saged ngucapaken tembung ing ngandhap punika dhumateng Gusti Allah.

Ngucapaken tembung-tembung punika boten saged milujengaken, namung pitados dhumateng Sang Kristus piyambak ingkang saged milujengaken!

Pandonga punika namung satunggaling cara ingkang prasaja kangge matur dhumateng Gusti Allah menggahing kapitadosan wonten ing Panjenenganipun lan pamaturnuwun tumrap kawilujengan ingkang kacawisaken kangge kita.

“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”

Punapa panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” wonten ing ngandhap punika.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Ingkang Dipunwastani Sekawan Angger-anggering Karohanen Punika?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries