settings icon
share icon
Pitaken

Kados Pundi Bangandikanipun Kitab Suci Babagan Ngunjuk Alkohol/Anggur?

Wangsulan


Sawetara ayat mratelakaken supados kita boten ngunjuk anggur (Kaimaman 10:9; Wilangan 6:3; Pandharaning Toret 14:26; 29:6; Para Hakim 13:4,7,14; 1 Samuel 1:15; Wulang Bebasan 20:1; 31:4,6; Yesaya 5:11,22; 24:9; 28:7; 29:9; 56:12; Mikha 2:11; Lukas 1:15). Ewa semanten, Kitab Suci boten nglarang tiyang Kristen ngunjuk bir, anggur, utawi unjukan sanesipun ingkang mawi alkohol. Tiyang Kristen boten kepareng mendem-mendeman (Efesus 5:18). Kitab Suci ngandaraken babagan mabuk-mabukan lan akibatipun (Wulang Bebasan 23:29-35). Tiyang Kristen uga kedhawuhan supados boten masesa badanipun marang samubarang menapa kemawon (1 Korinta 6:12; 2 Petrus 2:19). Kitab Suci uga nglarang tiyang Kristen tumindak ingkang njalari natoni atinipun pepadhane ananing supados mekak/nglawan dosa ingkang wonten ing sajroning ati (1 Korinta 8:9-13). Tiyang Kristen boten saged nyebataken menawi ngunjuk anggur punika ngluhuraken asmanipun Gusti (1 Korinta 10:31).

Gusti Yesus ndamel mukjijat toya dados anggur, punika ateges kala-kala Gusti Yesus nggih ngunjuk anggur (Yokanan 2:1-11; Mateus 26:29). Sakmenika (wonten ing saperangan ageng negara donya katelu), toya ingkang resik utawi sehat menika awis menari boten diupakara dening alat kesehatan, kathah toya ingkang sampun kacampur kaliyan virus, bakteri, lan rereged sanesipun. Pramila tiyang pada ngunjuk anggur (utawi jus woh anggur) awit punika resik uga sehat. Ing 1 Timoteus 5:23, Paulus ndawuhi Timotius supados boten namung ngunjuk toya ananging dipuncampur kaliyan anggur supados padharanipun boten sakit. Tembung anggur wonten ing basa Yunani ing Kitab Suci minangka anggur ingkang dipunangge ngunjuk saben dinten. Dipuncampur kaliyan ragi ananging namung sekedik. Sanes jus woh anggur lan sanes anggur kados ingkang dipununjuk sakmenika. Kitab Suci boten nglarang tiyang Kristen ngunjuk bir, anggur utawi unjukan sanesipun ingkang mawi alkohol. Ananging tiyang Kristen boten pareng ngantos ketagihan lan mendem (Efesus 5:18; 1 Korinta 6:12).

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Kados Pundi Bangandikanipun Kitab Suci Babagan Ngunjuk Alkohol/Anggur?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries