settings icon
share icon
Pitaken

Punapa Agami Ingkang Trep Tumrap Kawula Punika?

Wangsulan


Warung ingkang nyajekaken dhaharan instan nyengsemaken kita sarana nyukani palilah dhumateng kita kangge pesen dhaharan ingkang trep kaliyan punapa ingkang kita pengini. Sawetawis warung kopi nggumedhe kanthi nawaraken satus raos ingkang benten lan kopi maneka warni. Malah manawi tumbas griya lan montor, kita saged pados kanthi pilihan uga kautamen ingkang kita pengini. Gesang kita boten namung wonten donyaning coklat, vanili, lan strawberry kemawon, pilihan punika penting sanget! Panjenengan saged manggih bab-bab ingkang panjenengan kepengini miturut punapa kemawon ingkang panjenengan senengi sarta betahaken piyambak.

Lajeng kados pundi kaliyan agami ingkang trep tumrap panjenengan? Kados pundi kaliyan agami ingkang boten nyeneni menawi lepat, boten gadah panyuwun, sarta boten ngawrataken lantaran kathahing rerepot kangge nindakaken aturan agami? Punapa dene agami kados mekaten punika wonten, punapa kita saged milih agami kados dene milih raos es ingkang dipunremeni?

Kathah suwanten-suwanten ingkang lelomban narik kawigatosan kita; lajeng kenging punapa saben tiyang kedah nimbang-nimbang Gusti Yesus ing sanginggiling, kados dene, Muhammad utawi Konfusius, Budda, utawi Charles Taze Russell, utawi Joseph Smith?

Punapa sadaya margi kalawau boten nuntun manungsa dhumateng swarga? Sejatinipun inggih punika: boten sedaya agami nuntun kita dhumateng swarga, sami kemawon kados boten sedaya margi badhe nuntun kita dumugi Jakarta.

Gusti Yesus piyambak ngandika sarana wibawaning Gusti Allah amargi Gusti Yesus piyambak sampun menang saking pati. Muhammad, Konfusius, lan sanesipun tetep wonten ing pasareanipun piyambak-piyambak, nanging Gusti Yesus, sarana kuasa Panjenenganipun piyambak, tindak medal saking teleng palimengan tigang dinten sasampunipun seda wonten kajeng salib ingkang kejem saking Rum. Sadengah tiyang ingkang gadhah kakiyatan ngungguli pati pantes kita gatosaken. Sadengah tiyang ingkang gadhah kakiyatan ngungguli pati pantes kita mirengaken.

Katerangan ingkang ngiyataken wungunipun Gusti Yesus kathah sanget. Kaping pisan, langkung saking gangsalatus mripat dados seksi wungunipun Kristus! Kathah sanget mripat ingkang nyeksekaken. Gangsalatus suwanten boten saged kalirwakaken. Punika ugi ingkang dados jalaranipun kuburan ingkang kosong; mungsuhipun Gusti Yesus saged kanthi gampil nglerenaken sedaya wicantenan bab wungunipun kanthi nuduhaken layonipun Yesus ingkang sampun risak, nanging boten wonten layon ingkang saged dados bukti kangge nyebaraken kabar dhumateng tiyang-tiyang wau! Sarean sampun kosong! Punapa para sakabad sampun nyolong sariraning Panjenenganipun? Mokal. Kangge ngalang-alangi sedaya ingkang saged kadadosan, pakuburanipun Gusti Yesus kajagi kanthi kiyat dening serdadu. Kanthi nimbang bilih para sekabatipun ingkang paling raket sampun mlajeng karana ajrih nalika Panjenenganipun kacepeng uga kasalib, mesthi kemawon mokal manawi sapantha juru amek iwak ingkang sami ajrih punika satunggal mbaka satunggal aben ajeng nglawan prajurit ingkang sampun kalatih lan winucal punika. Kayektosan bilih wungunipun Yesus boten saged dipunbantah!

Sepisan malih, sinten kemawon ingkang gadhah kakiyatan ngungguli pati pantes kapirengaken. Yesus sampun mbuktekaken kakiyatanipun ngungguli pati, mila saking punika, kita perlu mirengaken punapa ingkang dados Sabdanipun. Yesus nelakaken bilih namung Panjenenganipun punika margining kawilujengan (Yokanan 14:6). Panjenenganipun sanes satunggaling margi, Panjenenganipun sanes satunggal saking antawisipun kathah margi, nanging Yesus punika marginipun.

Yesus ugi maringi pawartos, “He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.” (Mateus 11:28). Jagad punika awrat lan gesang punika angel. Kathah ing antaraning kita ingkang gampil sanget kawutahaken rahipun, ketaton, lan ajrih ing perang, leres? Lajeng punapa ingkang panjenengan kersakaken? Pamulihan utawi namung agami? Juru Wilujeng ingkang gesang utawi satunggaling para “nabi” ingkang sampung pejah? Sesambetan ingkang sayektos utawi uparaca ingkang kosong? Yesus sanes satunggaling pilihan – inggih namun Panjenenganipun pilihan punika!

Yesus punika “agami” ingkang trep manawi panjenengan ngupados pangapuntening dosa (Lelakone Para Rasul 10:43). Yesus punika “agami” ingkang trep manawi panjenengan ngupados sesambetan ingkang sayektos kaliyan Gusti Allah (Yokanan 10:10). Yesus punika “agami” ingkang trep manawi panjenengan ngupados griya ingkang langgeng wonten ing swarga (Yokanan 3:16). Sumangga masrahaken kapitadosan panjenengan wonten ing Yesus Kristus ingkang Juru Wilujeng panjenengan -- panjenengan boten badhe getun! Pitadosa bilih Panjenenganipun paring pangapunten tumrap dosa panjenengan -- panjenengan boten badhe kakuciwakaken.

Manawi panjenengan kepengin gadhah “sesambetan ingkang sae” kaliyan Gusti Allah, punika wonten conto pandonga.

Panjenengan kedah ngengeti bilih pandonga punika utawi pandonga sanesipun mboten bade damel wilujenging panjenengan. Namung kapitadosan wonten ing Kristus ingkang saged milujengaken panjenengan saking dosa. Pandonga punika inggih namung satunggaling cara kangge mratelakaken kapitadosan panjenengan dhumateng Gusti lan pamatur nuwun tumprap kawilujengan peparingipun Gusti.

“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”

Punapa panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” wonten ing ngandhap punika.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Agami Ingkang Trep Tumrap Kawula Punika?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries