settings icon
share icon
Pitaken

Punapa Pangandikanipun Kitab Suci Babaganagan Seks Saderengipun Nenikahan?

Wangsulan


Sesarengan kaliyan sedaya warnining seks ingkang nerak kasusilan, seks saderengipun nenikahan punika wongsal-wangsul dipun supatani wonten ing ayat Kitab Suci (Lelakone Para Rasul 15:20; Rum 1:29; 1 Korinta 5:1; 6:13, 18; 7:2; 10:8; 2 Korinta 12:21; Galati 5:19; Efesus 5:3; Kolose 3:5; 1 Tesalonika 4:3; Yudas 7). Kitab Suci martosaken pantanganipun saderengipun nenikahan. Seks saderengipun nenikahan punika sami lepatipun kaliyan jina utawi rupining panerak kasusilan sanes, awit sedaya kalebet sesambetan seks kaliyan tiyang ingkang dereng dipun nikahi. Namung seks antawisipun semah lan pawestrinipun punika ingkang dipun keparengaken dening Gusti (Ibrani 13:4).

Seks saderengipun nikah sampun dados babagan ingkang limrah adhehasan sawetawis alesan. Kita asring sakalangkung tebih nujokaken dhateng pakaremanipun seks tanpa ngajeni babagan nitahaken malih. Saestu, seks punika ngremenaken. Gusti sampun ngrancang babagan punika. Panjenenganipun kepengin pria lan wanita ngraosaken seks (ing salebeting wates nenikahan). Ewa samanten, tujuan utami saking seks punika sanes pakareman, nanging supados tangkar-tumangkar. Gusti boten ngayomi saking paukuman tumrap seks saderengipun nenikahan punika boten kangge ngrampas pakareman kita, nanging ngayomi kita saking ngandhut ingkang boten kita kepengini lan lare-lare lair saking tiyang sepuh ingkang boten kepengin lare punika lair utawi boten cumawis dados tiyang sepuh tumrap para lare kala wau. Cobi panjenengan gambaraken sapinten langkung saenipun jagad kita menawi tataranipun Gusti babagan seks dipun turuti: langkung sakedhik nularaken penyakit lumantar seks, langkung sakedhik Ibu ing sajawining nenikahan, langkung sakedhik ngandhut ingkang boten dipun kepengini, langkung sakedhik tiyang ngguguraken kandhutan, lan sapanunggalanipun. Babagan pantangan punika satunggal-satunggalipun kawicaksananipun Gusti menawi babagan punika kasambetaken kaliyan seks saderengipun nenikahan. Babagan pantangan milujengaken gesang, ngayomi para lare, maringi sesambetan seksual tumrap aji ingkang samesthinipun, sarta ingkang paling wigatos inggih punika kangge mulyakaken Gusti.

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Punapa Pangandikanipun Kitab Suci Babaganagan Seks Saderengipun Nenikahan?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries