settings icon
share icon
Pitaken

Sepisan Kawilujengaken Punapa Badhe Tansah Kawilujengaken?

Wangsulan


Sepisan satunggaling pribadi kawilujengaken punapa badhe tansah kawilujengaken? Menawi tiyang ngupados Kristus minangka Juru Wilujengipun, tiyang kala wau badhe kabekta dhateng sesambetan kaliyan Gusti Allah awit jaminan kawilujenganipun punika kawilujengan ingkang langgeng. Kathah peranganing ayat-ayat Kitab Suci ingkang mratelakaken kanyatan punika.

(a) Rum 8:30 mratelakaken, “Sarta wong kang padha katamtokake wiwit ing saka wit iku iya padha katimbalan. Lan kang wus padha ditimbali, iku iya padha kabenerake. Apadene kang wus kabenerake, iku iya padha dimulyakake.” Ayat punika mucal dhumateng kita bilih saking prastawa punika Gusti milih kita, kados dene menawi kita kamulyakaken wonten ing Panjenenganipun ing swarga. Boten wonten ingkang saged ngalang-alangi tiyang pitados sadinten kemawon memuji awit Gusti sampun nyawisi punapa ingkang katuju ing swarga. Sepisan satunggaling pribadi dipun leresaken, kawilujenganipun sampun dipun jamin, tiyang kala wau aman kados menawi piyambakipun kamulyakaken ing swarga.

(b) Paulus pitaken kalih pitakenan ingkang wigatos ing Rum 8:33-34 “Sapa kang bakal nggugat para pepilihanane Gusti Allah? Apa Gusti Allah kang mbenerake wong-wong mau? Sapa kang bakal matrapi paukuman? Apa Sang Kristus Yesus kang wus seda? Malah luwih saka iku, apa kang wus kawungokake, kang lenggah ana ing satengene Gusti Allah, kang dadi pangemban kita?” Sinten ingkang badhe nggugat pilihanipun Gusti? Boten wonten, awit Kristus ingkang ngemban kita. Sinten ingkang badhe ngukum kita? Boten wonten, awit Kristus, satunggal-satunggalipun ingkang seda tumrap kita, inggih satunggal-satunggalipun ingkang ngleresaken. Kita ndarbeni kekalihipun inggih punika pangemban lan hakim minangka Juru Eilujeng kita.

(c) Tiyang pitados lair malih (kaenggalaken) nalika sami pitados (Yokanan 3:3; Titus 3:5). Tumrap tiyang Kristen supados kecalan kawilujenganipun, mila kedah tetep boten lair malih. Kitab Suci boten maringi katerangan bilih gesang enggal ingkang sampun kaparingaken saged kapundhut malih.

(d) Roh Suci wonten ing sadaya tiyang pitados (Yokanan 14:17; Rum 8:9) sarta mbaptisaken sedaya tiyang pitados wonten ing salebeting Sariranipun Sang Kristus (1 Korinta 12:13). Bilih setunggal tiyang pitados boten kawilujengaken, piyambakipun kedah medal sarta misah saking Sariranipun Sang Kristus.

(e) Yokanan 3:15 mratelakaken bilih sinten kemawon ingkang pitados ing Gusti Yesus Kristus badhe ndarbeni gesang langgeng. Menawi panjenengan pitados dhumateng Kristus ing dinten punika sarta ndarbeni gesang langgeng, nanging kecalan ing mbenjang, punika boten saged kasebat langgeng. Mila saking punika manawi panjenengan kecalan kawilujengan, prajanji bab gesang langgeng ing Kitab Suci punika ateges lepat.

(f) Awit dasar ingkang paling nemtokaken punika, miturut kula ingkang dipun cariosaken ayat-ayat Kitab Suci punika ingkang paling sae piyambak, “Sabab aku mesthekake, sanadyan pati utawa urip, para malaekat apa para panguwasa, kang saiki ana utawa kang bakal ana apa para panguwasa kang ana ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhengah titah liyane, ora bakal bisa megatake kita saka ing sihe Gusti Allah, kang ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita” (Rum 8:38-39).

Kita kedah ngengeti bilih Gusti ingkang sampun milujengaken panjenengan ugi Gusti ingkang sami ingkang badhe ngayomi panjenengan. Sepisan kita kawilujengaken kita tansah kawilujengaken. Kawilujengan kita punika inggih nggadhahi gesang lan wilujeng ingkang langgeng!

English



Wangsul ing lembaran basa Jawi

Sepisan Kawilujengaken Punapa Badhe Tansah Kawilujengaken?
Facebook icon Twitter icon Pinterest icon Email icon
© Copyright Got Questions Ministries